CERKAK "AWITING TRESNA"


CERITA CEKAK (CERKAK)

"AWITING TRESNA"


Wengi iku udan gedhe, lan gludhug dher – dheran . Neli wis siap – siap arep mbabah turu. Dumadakan  lampune  mati ndadekake swasana ing kamar peteng ndhedet.  . Kenya  ayu kang saiki kelas XII SMA  iki pancen awit cilik wedi karo swasana kang peteng.  Mula dheweke ora bisa merem turu. Kaluwargane ya wis padha turu kabeh.  Ora kelangan akal, Neli banjur ngumpakake lampu  senter  ing HP-ne lan mlaku tumuju pawon njupuk lampu teplok kanggo madhangi kamare. Bareng wis  nemu lampu teploke,  Neli langsung balik maneh ing kamar lan langsung turu.

Isuke , Neli mangkat sekolah diter bapake numpak motor nganti tekan prapatan dalan raya. bar kuwi, dheweke numpak bis nganti tekan Sekolahe. Sekolahe rada adoh, kira – kira ana 15 kilonan. Kaya biasa, penumpang bis  kebak . penumpange ya padha wae bocah – bocah sing sesekolahan karo Neli. Amarga lungguhan ing bis wis kebak, dheweke kepeksa ngadeg.

 “ Ora apa- apalah ngadheg pa’a. Muga – muga cepet tekan sekolah.” Gunem Neli ing jero ati.

Ing sekolahan  Neli duwe kanca kang wis akrab banget , yaiku Siti lan  Indri. Telu karone paribasane “ tumbu oleh tutup “, wong kekancan sing cocok banget. Nanging sejatine Neli  bocahe  yen kancanan karo sapa wae, ora milih - milih kanca. Namung sing wis akrab ya karo bocah loro kuwi mau. Bareng tekan sekolah, Neli cepet – cepet mlebu gerbang supaya ora telat anggone mlebu kelas. Pelajaran baka pelajaran dilakoni nganti bel wayahe bali keprungu..

Sorene maneh Neli ana kegiyatan kumpulan organisasi pemuda ing desa. Iki kumpulan pertama kang dianakake, amarga maune organisasi pemuda ing desane macet amarga cah – cah enome akeh sing  padha kerja , dadine ora ana wektu kanggo nggerakake organisasi iki. Bocah lanang wadon padha kumpul bebarengan ana ing bale desa.

“ Ehemm….dhewekan Nel ? “ pitakone bocah lanang karo nyodhorake teh gelas marang Neli.

“ Oh iya mas, kanca – kancaku akeh sing ora teka, lagi padha sibuk jare.”

“  Oh ngono ya. Ya wis ora apa-apa. Sesok maneh kon mangkat kumpulan ya. Supaya organisasi iki aktif maneh,  dhewe kudu sregep. Organisasi iki rak ya akeh manfaate kanggo dhewe lan wong liya. Dhewe isa mbantu – mbantu wong liya amarga ana organisasi iki. Organisasi sosial lan kemanusiaan. Ngono lho Nel.hee…hee….”

Neli mung manthuk – manthuk tok. Dheweke bingung arep ngomong apa. Lha kon ora bingung piye. Lha wong dheweke dicedhaki karo Anto, ketua organisasine. Umure kacek lima taunan karo Neli. Wis wonge bagus, pinter, solah bawane  apik. Cah wadon sapa wae yen weroh mas Anto  mesthi ora kemedhep. Mas Anto kuwi ibarate Arjunane desa iki.

Wektu Anto lagi pidhato sambutan ing ngarep, Neli  blas ora pisan – pisan mbuang raine ing ngendi – ngendi kajaba mung mandengi priya iku. Malah sok – sok pikirane mblandrang adoh. Yen dheweke mboh kapan mangsane duwe kekarepan bisa dadi bojone.

Pidhatone wis rampung, banjur Anto jumangkah nyedhaki Neli. “ Dhooor….”

“ Astaghfirullah..” Neli kaget ora karuan lan nembe sadhar yen dheweke kuwi ngalamun.

“ Sajake kok lagi seneng.Wiwit mau tak delok kok ya mesam – mesem wae. Lagi ngalamun aku ya?”  pitakone Anto karo lungguh ing jejere Neli.

“ e…e…ora mas, aku mung kesengsem karo pidhatone sampeyan mas.” Wangsulane Neli karo ngapusi sithik.

“ Kesengsem karo pidhatone apa karo sing pidhato?”

“ Hee..hee…mas Anto isa wae guyonane ki.”

Isuk, awan bengi sing ana ing pikirane Neli mung Anto lan Anto.Padhahal sakdurunge, Neli ora tau ngrasakake kaya iki. Neli ya ora tau pacaran. Dirasakake, pancen dheweke ki kepincut tresna. Nanging dheweke arep ndisiki ngomong tresna karo Anto iya dirasa – rasa ora kepenak dhewe. Amarga  pakulinane rak  kudune lanange ndisik sing ngomong. Sebenere atine wis ora sabar pengin ngerti piye perasaane Anto karo dheweke. Mbok menawa Anto jebul padha wae seneng karo dheweke.

Isuk – isuk gasik Neli nyirami wit kembang ing jaba omahe. Kembange akeh sing padha garing, amarga wis pirang – pirang dina ora ana udan ditambah ora tau disiram. Wit – wit kembang kang akeh gawe Neli kesel lan pengin cepet rampung anggone nyirami.

“ Neliii...Neeel….” saka adoh keprungu swarane Lilis numpak pit onthel karo tangane gawa amplop warna biru nyedhaki Neli.

“ Ana apa to Lis, kok mbengak – mbengok kaya wong edan wae.”

“  Iki lho Nel, aku dititipi sesuatu karo cah bagus”. Celatune Lilis karo niru gayane artis Syahrini wektu ngucap tembung sesuatu iku.

“ Cah bagus sapa to?”

“ Wis diwaca wae, ngko kowe  ngerti dhewe. Ya wis Nel, aku bali ndhisik, aku arep neruske ngrewangi ibuku masak.”

“ Oh ya wis Lis, maturnuwun ya.”

“ Top markotop Nel.”

Neli maca surat ing kamare. Amplope dibuka ngati  - ati banget. Surat kang isine salembar kertas kuwi  ing bageyan ndhuwure katanda saka Anto. Surate  diwaca nganti premati. Dibolan – baleni maca nganti ping telu. Kaya – kaya dheweke ora mudheng mboh apa ora percaya karo isine surat kuwi.

Isih ana rasa ora percaya, Neli ngetokake HP saka sak klambi. Nggolek nomer telpon kang jenenge Anto.

“ Hallo, Assalamu’alaikum mas Anto”

“ Wa’alaikum salam. Ana apa Nel kok tumben telpon?

“ Mas, suratmu wis tak waca. Apa isi surat iku tenanan?”

“ Sakdurunge aku jaluk pangapurane ya Nel, mbok menawa aku kurang sopan apa piye. Ngene Nel ceritane, aku seneng karo sliramu wiwit aku ketemu sepisanan karo kowe ing organisasi. Nanging aku ewuh. Aku wedi yen ngko aku iki malah ngganggu sekolahmu. Kowe rak ya  kudu fokus sinau kanggo ujianmu iku. Apa kowe nrima rasa tresnaku iki? Apa kowe kersa dadi pacarku?

Krungu ucapane langsung saka Anto, atine Neli sansaya trenyuh. Banyu mripate mili nelesi pipine amarga saking senenge.

“ Jujur mas, aku ya seneng karo sliramu. Aku pertama weroh kowe rasane beda mas. Wektu kowe nyedhaki aku, aku rasane seneng banget. Aku nrima rasa tresnamu kuwi mas. Aku gelem dadi pacarmu. “ Wangsulane Neli karo ngusapi pipine sing teles. “ Lha sampeyan saiki ing ndi mas?  aku pengin ketemu.”

“ Aku saiki kerja ing Jakarta. Aku nunggu kowe lulusan bar kuwi aku bali desa maneh ketemu kowe Nel.”

Tuut…tut…tut…dumadakan telpone mati. Bareng dicek jebul pulsane Neli entek. Nanging Neli ora sedhih. Amarga saiki wis cetha. Priya sing mbiyen di impen – impen dadi bojone pranyata bener – bener seneng karo dheweke, lan tetep setya nunggu dheweke nganti lulusan.

 Dening : Zakiyah Laily

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "CERKAK "AWITING TRESNA""

Post a Comment