Lakon-Lakon Wayang (Berbahasa Jawa)


Lakon ingkang badhe dipunrembag inggih punika:
1. Hyang Kali
2. Prabu Tremboko
3. Lairipun Arjunasasrabahu
4. Pandu Jumeneng Nata ( Pandu menjadi raja )
5. Dewabrata Rabi ( Dewabrata Kawin )
6. Palasara Lair

1. Hyang Kali
       Hyang Kali uga kalebu salah sawijining Dewa. Jroning lakon iki dheweke nunggal sedya lan Hyang Dwa para, yaiku njlomprongake Prabu Nala supaya bisa jugar wigar lawan Dewi Damayanti, satemah bisa nandhang papa lan sangsara. Mula saiki genti Hyang Kali ingkang gawe paekan marang Prabu Nala, ingkang isih gempung kepaung enak – enak kasukan dhadhu. Nadyan donya brana, mas picis peni – peni raja peni guru dadi wis gusis, nanging isih bae nggone kasukan, nganti pirang – pirang minggu. Suwe – suwe kraton ditohake pisan, wusana uga kukut katut dadi darbeke Puksara. Bareng nyipati yen sang Prabu Nala saiki wis ora kagungan apa – apa kang kena ditombakake, Puksara banjur matur, “ Dhuh sang Prabu, rehne paduka samangke sampun boten kagungan barang darbe ingkang pengaos kangge lelangen kasukan dhadhu, malah wastra busana ugi sampun katut larut sadaya, lah punapa ingkang badhe dados patohanipun.”
       Sang Prabu isih kendel during ngendika, tumuli sinambung maneh dening Puksara, kang semu ngerang – ngerang, “ Sumangga kakaprabu, dipun lajengaken anggenipun kasukan, pun rayi sumadya angladosi. Nanging sarehne sampun telasraja brana sarta karatonipun kaka Prabu, kados boten wonten malih ingkang prayogi katombokaken, kajawi Sang Prameswari Dewi Damayanti.
Bareng Sang Prabu mirengtembung pangerang – erang kaya mangkono, sakala kumenyut, mripat makantar – kantar kaya nedya nubruk ngreremet Puksara, nanging sang Prabu isih bisa mekak penggalihe, mula ora sida ngandika. Mung kawistara mbrabak kaya murub, lebet saking dukane. Sang Prabu banjur menyat saking palenggahane, nglolosi busanane kang wus katombokake , mung kari nyamping salembar , nuli miyos saka kadhaton , ditutake dening Dewi Damayanti, kang uga mung ngagem nyamping wae. Tindak suku nedya medal saka kutha, agawe ngerese kang padha nyipati lelakon sedhih mau. Telung dina telung bengi enggone sang Nata lan Dewi Damayantilumampah iring – iringan lagi tekan tepis wiringe negara, sapa – sapa kanga sung pitulungan marang sang Nata, mesthi bakal kapatrapan ukum kisas.
       Mengkono kasangsarane sang Nata lan Dewi Damayanti, sajrone lumaku ora dhahar lan ora sare, mulane banget lungkrah lan sayahe. Para kawula kang sanyatane banget ajrih asih marang sang Nata, kepengin asung dhaharan la atur pitulungan, nanging ora ana kang wani mitulungi merga wedi kadenangan telike Puksara kang sinebar saindenging negara.
Sang putri Damayanti sanadyan lagi katemben samengko tindak suku nalasak wana wasa, nanging ora nate pisah lan Sang Prabu, tansah tut wuri ora sambat lan ora nggresah, labet saka styane marang Sang Prabu, lan saka trenyuhing panggalihe awit mangertos yen Sang Prabu lagi ketaman ing pacoban. Wis pirang – pirang dina pirang – pirang bengi anggone lumampah.
       Nuju sawijining dinanalikane prapta satengahing ara – ara, ana manuk sepirang – pirang neba saka langit, sajake arep golek memangsan ana panggonan kono. Sang Prabu anngraita, mbok Manawa manuk kae kang dadi jalaran igsun antuk dhaharan, mula coba dak cekele. Bareng wis cedhak Sang Prabu ewuh nggone arep nyekel manuk, mula banjur lukar nyampinge, diagem njaring manu kaya patrape wong njala, nanging kepriye wusanane, bareng manuk mau wis ketutupan jarit, manuk – manuk mau banjur miber ngiberake jarite Sang Prabu, ndedel ing awang – awang, satemah agawe getune sang Nata saikim wis ora kagungan ageman sasuwek – suweka.
       Banget ngungune Sang Prabu nemahi lakon kasangsaya kang matumpa – tumpa, penggalihe kaya dirumet – rumet lan direrujit. Sakala miring swara yen ingkang nggawa jarite ora liya ya satru kang manjing ing dhadhu kang diengho kasukan Sang Prabu, nganti nemahi kekalahan kaya kang kasandhang samengko. Wondene satru nganti nututi tindake Sang Prabu, marga isih during marem yen sang Nata isih ngagem ageman nyamping, mula banjur kadindal pisan.
       1. Mangkana ujaring swara, “ Heh, sira wong ingkang tuna ing budi. Wruhanira hiya ingsun ingkang manila warna, nuksmeng dhadhu kang mentas sira nggo iku. Mulane ingsun samangkya prapteng kene anututi. 2.Nedya ngarah jaritira, sabab ingsun banget cuwa ing ati. Kalamun maksih andulu, sira amawa sinjang. Sung manuksma nuli muksa maring embuh. Kang tinilar karerantan. Kasangsaya ing dumadi. ( 1+2 + pangkur ).
       “ Jiwaningsun yayi Damayanti, saiki sira ngrungu dhewe, yen kang agawe bancana lan sangsaraningsun iki liya satruningsun kang tansah agawe bancana matumpa – tumpa. Sira saiki ngerti, yan sababe ingsun nganti kasupen manggung kasuka dhadhu hiya saka pamanjinging yitmane mungsuh.Wong – wong ing Nisaddha dhek semana ora ana sing gelem ngampirake marang ingsun ya amarga ulahing satru, samengko mlayokake sinjang sarana awarni peksi. Yayi Dewi, kasangsaran iki bakal ingsun sangga dhewe. Mula yayi piyarsakna pituturingsun, yen sira arsa mbacutake laku, dalan sisih kae banjur tekan praja sisih kidul. Sawise kuwi nuli ngliwati kutha Ngrawanti, yen terus banjur ngambah tanah pegunungan Riksawat kang sapinggire kali akeh tandurane who – wohan kang mirasa. Ing kono ana simpangane kang siji tumuju menyang Negara ing Widarba, sijine nyang praja kasola.
( Panjebar Semangat – 51 / 2005 )

2. Prabu Tremboko
       Ana titahing Bathara ingkang anggedhaton ing negara Pringgandani ajejuluk Prabu Tremboko. Sawijning narendra yaksa gung aluhur apengawak prabata. Yen cinandra dhasar gagah prakosa, sembada sekti mandraguna, pilih tandhing kang kaconggah nandingi yudane. Yen ngandika swarane gumleger kaya gludhug, yen wahing kaya bledheg, yen pinuju lumampah galeyah – galeyah bumine obah. Dhasar Negara Pringgandani wilayahe jembar wewengkone subur, kawulane padha sregep nambut kardi.
       Rehne Negara Pringgandani kuwi nunggal wates kari Negara Ngastina kang wis luwih maju ing babagan kawruh tetanen, kriya, sarta budaya, para kawula kang wujud manungsa uga banjur tiru lekase wong Ngastina, nggone oleh teanen ya maju, gwe prabot bale pomah, ulah sastra lan budaya ora beda kaya wong Ngastina. Kapara suwe –suwe kawulane kang wujud buta ya melu tiru – tiru kaya patrape kawula Ngastina kang sipat manungsa. Yen titah kang wujud manungsa mlaku nggaru nggarap sawah sing nggeret kebo utawi sapi, nanging yen para buta nek mlaku nggaru sing nggarap macan gembong lan singa barong. Mula dening para satriya yaksa Prinngandani banjur ditata, wewengkone manungsa kumpul padha manungsa, dene kang wujud buta kupul padha buta. Mula ora mokal yen kabeh kang ana ing wewengkon kono pimpinane ya buta, camate buta, dene lurahe ya buta, carik kebayan ya buta, nganti tekan bakul bakso kabeh ya buta.
       Nadyan budayane ya niru melu maju, adeg kumpulan reyog, kabeh balane ya buta, ora kaki ya sinau pedalangan, bareng wis piter nuli nganakake pentasan gebyar pengrawite buta, warangganane buta, mung dalange dudu buta. Ngawuningani kawulane kang wis maju ing babagab tetanen, kriya lan budaya mau Prabu Tremboko banget karenan panggalihe. Mula banjur ndangu, olehe padha sinau menyang ngendi. Kawulane padha matur yen nggone mbeguru menyang para kawula ing Negara Ngastina. Bungah banget Prabu Tremboko, mula gage nganakake pasowanan agung nimbali para putra lan putrine. Pambayune aran Raden Arimba duwe adhi aran Dewi Arimbi. Kekarone kadhawuhan tunggu praja marga Sang Prabu Tremboko nedya lumaku meguru menyang Negara Ngastina sowan ana ngarsane Prabu Pandhu Dewanata.
       Temenan klakon pangajebe kesembadan. Prabu Tremboko diaku siswa kinasih dening Prabu Pandhu Dewanata. Diwejang ngelmu keutaman, ngelmu lan cara manyembah marang Gusti malah banjur diparingi kesekten ingkang arupa aji – aji, yaiku aji Braja Dental an aji Braja Musthi. Kaajab marakake sakti mandraguna teguh timbul sanjata tawa, uga dadi ratu kang hambege bawa leksana anetepi pangandika.
       Sawise kondur menyang prajane, pendhak dina pasowanan agung Prabu Tremboko mesthi seba ing Negara Ngastina sarwi nggawa bulu bekti guru bakal guru dadi. Malah suwe – suwe Prabu Tremboko gandheng saya seneng urip terentem panggalihe, nuli peputra kakung, yaiku Braja Denta, Braja Mukti, Braja Lamatan, Braja Mingkalpa, Kala Bendana. Manut ujaring para winasis, ingkang manjing ing hanggane putrane loro mau, panitise aji Braja Dental an Braja Mukti. Saka gdhene tersna lan bektine marang gurune, Prabu Tremboko nedya nganakake sesaji, lan ngaturi dhahar marang guru ya Prabu Pandhu Dewanata, mung nggone tata – tata lan cecawis nganti ora seba kaping pitu pisowanan. Kalodhangan kang mangkono iku digunakake dening Harya Suman, nedya gawe dhak – dhakan prekara supaya Negara Ngastina lan Pringgandani dadi mungsuh bebuyutan. Mangka sedyane Prabu Tremboko nedya utusan Raden Arimba ngaturi rawuhe Prabu Pandhu Dewanata ngujupake sesaji, dumadakan kedhisikan Harya Suman. Tekane Harya Suman ing Pringgandani nedya nindakake karti sampeka para wadul, dhandhang diunekake kuntul, kuntul dikandakake blekok. Prabu Tremboko anggone ora seba pitung pisowanan, dikandhakake yen bakal kapidana mati, malah sagarwa putra bakal ditumpas kelor.
Bramantya Prabu Tremboko dene gurune teka nora tata, ngumbar angkara, ora darbe pangapura, ora jumbuh narendra utama kang wis paring wiyata ngelmu warna – warna. Malah dening Harya Suman diurup – urupi aja nganti kedhisikan, bisaa ndhisiki ngecak Negara Ngastina. Prabu Tremboko kang kobar dening wadule Suman, nuli ngetap wadya, para putra Santana kering lampit brungkat kimpul pepak gegamaning pupuh nglurug menyang Ngastina.
       Sawise weruh kridhane Prabu Tremboko, Harya Suman ndhisiki sowan Prabu Pandhu matur yen nggone Prabu tremboko ora seba pitung pisowanan mau jebul nedya mbalela mbondhan gajah tanpa srati, nedya ngrusak praja Ngastina. Prabu Pandhu Dewanata wus tan menggalih dawa. Barisan Pringgandani kang disenapateni Prabu Tremboko nedya pinenthuk pribadi. Nadyan Prabu Tremboko Nggunakake gaman Kyai Kalanadhah, nanging kedhisikan Prabu Pandhu Dewanata namakak Kyai Pasopati, ngenani padharane sanalika getih wutuh, weteng bengkah, kuwanda njrebabah ndhepani lemah. Prabu Tremboko gugur dadi kurban saka fitnahe Harya Suman.
( Panyebar Semangat – 16 / 2007 ) 

3. Lairipun Arjunasasrabahu 
       Kisahnya dimulai dari kerajaan Maespati. Prabu Kartawirya alias Partawirya mengundang Bambang Suwandageni, saudara sepupunya, untuk hadir pada upacara siraman, karena permaisurinya Dewi Danuwati telah mengandung tujuh bulan. Sesaat setelah upacara itu selesai, datanglah utusan dari Kerajaan Lokapala, sesaat setelah upacara itu selesai permaisuri Prabu Wisrawana alias Danaraja. Mendengar permintaan itu Suwandageni marah dan rnenghajar Gohmuka, yang lalu lari pulang ke negaranya. Setelah melaporkan kegagalan tugasnya. Prabu Danaraja lain menyiapkan bala tentaranya untuk menyerbu Maespati. Ia juga minta bantuan seorang Brahmana sakti yang berwujud raksasa, bernama Begawan Wisnungkara. Sementara itu di kahyangan Batara Wisnu diperintahkan oleh Batara Guru untuk turun ke dunia guna memelihara ketentraman. Batara Wisnu dengan senjata Cakra lalu merasuk ke janin bayi yang dikandung oleh Dewi Danuwati.
       Beberapa saat kemudian Dewi Danuwati melahirkan seorang putra yang oleh Prabu Kartawirya diberi nama Arjunawijaya alias Arjuna Sasrabahu. Anehnya, bayi itu lahir dengan menggenggam senjata Cakra. Semenlara itu balatentara Kerajaan Lokapala yang dipinipin oleh Prabu Danaraja telah sampai di tapal batas Maespati. Prabu Kartawirya bersama Suwandageni berangkat untuk menghadang musuh. Senjata Cakra yang digenggam putranya yang baru lahir dibawa ke medan perang. Dalam perang tanding antara Begawan Wisnungkara dengan Suwandageni berlangsung seru. Prabu Kartawirya lalu meminjamkan senjata Cakra pada Suwandageni. Dengan senjata itu Begawan Wisnungkara tak bisa berbuat apa-apa. Badannya hancur lebur terkena senjata Cakra. Prabu Danaraja yang berhadapan dengan Prabu Kartawirya yang bersenjatakan Cakra, seketika luluh semangatnya. Prabu Danaraja sadar bahwa ia berhadapan dengan senjata sakti dari kahyangan. Karea itu ia segera lari pulang ke Lokapala.
( www.republik wayang.com )

4. Pandu Jumeneng Nata ( Pandu menjadi raja )
       Lakon baku ini menceritakan tentang kegundahan Prabu Krisnadwipayana atau Abiyasa, karena putra keduanya. Pandu Dewanata pergi meninggalkan istana tanpa ada yang tahu. Padahal pada saat itu bala tentara Kerajaan Lengkapura yang dipimpin Prabu Wisamuka hendak menyerbu.
       Untunglah sahabat sahabat Kerajaan Astina yakni Prabu Kuntiboja dari Mandura dan Prabu Mandradipa dari kerajaan Mandrakala bersedia membantunya. Kepergian Pandu ternyata karena merasa kurang tepat kalau diangkat menjadi raja, mengingat Pandu Dewanata masih punya abang, yaitu Drestrastra. Karena itu Pandu diam – diam pergi ke Sapta Arga untuk menenangkan pikir. Selama di pertapaan Sapta Arga, Pandu mendapat anugerah panah Bragawata, dan diakui anak oleh Batara Bayu, diberi nama Gandawrakta. Selain itu Pandu juga mendapat anugerah dari Batara Kamajaya, berwujud keris pusaka Kyai sipat Kelor yang berkhasiat dapat menghindarkannya dari segala macam gangguan jahat. Setelah itu Pandu kembali ke Astina, tepat ketika bala tentara dari Kerajaan Lengkapura dating. Perang segera terjadi. Dibantu oleh Prabu Kuntiboja dan Prabu Mandradipa, Pandu dapat ,engusir musuh bahkan bisa membunuh Prabu Wisamuk. Setelah keadaan aman. Pandu Dewanata diangkat sebagai Raja Astina memggantikan ayahnya, Prabu Krisnadwipayana yang lengser keprabon.
( www.republik wayang.com )

5. Dewabrata Rabi ( Dewabrata Kawin)
       Lakon ini tergolong lakon baku, yang menceritakan tentang perkawinan Sentanu degan Durgandini melahirkan dua putra yaitu Citragadadan Citrasena. Sementara itu Prabu Darmamuka dari Kerajaan Gyantipura mengadakan sayembara untuk ketiga orang putrinya. Siapa yang dapat mengalahkan kedua putranya, Wahmuka dan Arimuka, ia boleh mempersunting ketiga putri ini. Banyak raja dan putra raja yang menjadi pelamar, tetapi tidak satupun yang berhasil mengalahkan Wahmuka dan Arimuka. Dewabrata, senapati Astina, maju ke gelanggan. Ia ikut sayembara itu untuk mencarikan jodoh bagi adik tirinya, Wicitrawirya dan Citrasena. Mulanya Dewabrata kewalahan menghadapi kedua musuhnya, karena jika Wahmuka berhasil dibunuh Arimuka segera melompati mayat saudaranya itu dan Wahmuka hidup kembali. Demikian sebaliknya, jika Arimuka yang mati, Wahmuka yang melompati mayatnya dan hidup kembali. “ Begitu berulang – ulang. Atas nasihat Semar, Dewabrata melumuri tangannya dengan abu bubuk kapur dan maju lagi ke aelanggang. Kini dengan sekali tempeleng kedua musuhnya mati.
       Dengan demikian Dewabrata berhak atas ketiga putri itu. Dewi Ambiki dan Ambalini dimasukkan ke dalam cupu sedang Amba disuruhnya kembali kepada orang tuanya. Namun Dewi Amba menolak. Ia ,merasa berhak menjadi istri Dewabrata, sebab Dewabratalah yang mengalahkan Arimuka dan Wahmuka. Ia tidak peduli akan penjelasan bahwa Dewabrata seorang brahmacarya yang telah bersumpah tidak menikah seumur hidupnya. Karena Dewi Amba terus mendesak, Dewabrata mengancam dngan anak panahnya. Namun tanpa sengaja panah itu lpas menembus dada Dewi Amba. Sebelum ajal, Dewi Amba mengatakan bahwa ia tidak akan masuk surge bila tidak bersama Dewabrata. Dewi Amba menjemput Dewabrata pada Baratayuda kelak. Karena kejadian itu Dewabrata bertapa untuk menebus dosa karena ia telah membunuh Ambika dengan tidak sengaja.
( www.republik wayang.com )

6. Palasara Lair
       Di Kerajaan Tabelasuket, Prabu Partawijaya dengan permaisuri Dewi Rati mempunyai putri Dewi Sati namanya. Putri raja itu hermimpi melihat sinar terang turun dari langit dan minta kepada ayahnya untuk menyelidikinya. Partawijaya kemudian terbang juga melihat sinar cahaya dan di tempat hilangnya sinar itu bertemu dengan Bambang Sakri. Sakri adalah anaknya Sekutrem yang meninggalkan Pertapaan Sapta Arga karena menolak untuk dikawinkan dengan putri pilihan ayahnya. Partawijaya mengutarakan maksudnya untuk mengambil menantu. tetapi ditolaknya dan terjadi perkelahian yang akhirnya Sakri menuruti permintaan Partawijaya dikawinkan dengan Dewi Sali. Sementara Manumayasa di Sapta Arga menerima Patih Srengga Badra utusan Partawijaya untuk meminta pertolongan oleh karena negrinya terserang wabah penyakit menular. Manumayasa meminta agar Partawijaya datang sendiri di Sapta Arga. Kedatangan raja Tabela Suket di pertapaan tersebut dan tidak sengaja bertemu Dupara, musuh Manumayasa. Karena tertarik kesaktian Dupara maka Partawijaya berguru kepadanya dan sebagai balas jasa ia diperintah untuk membunuh Manumayasa dan Partawijaya bersedia. Di perjalanan Prabu Partawijaya bertemu dengan Sekutrem yang mengutarakan maksudnya akan membunuh Manumayasa. Tetapi dicegahnya sehingga terjadi peperangan. Karena kesaktian Sekutrem Partawijaya dapat merubah wujudnya menjadi babi hutan. Dalam situasi yang gawat itu ia menyebut nama Sakri sebagai menantunya dan Sekutrem heran minta dijelaskan. Setelah menerima penjelasan keduanya menghadap Manumayasa dan Sang Pendeta itu ingin melihat putranya di Tabela Suket. Sementara istri Sakri Dewi Sati telahmelahirkan putra diberi nama Palasara dan dibawa kembali ke Sapta Arga oleh Sekutrem.
( www.republik wayang.com )


KAPUSTAKAN

Panjebar Semangat – 51 / 2005
Panyebar Semangat – 16 / 2007
www.republik wayang.com



Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>