MAKALAH DWIJA PROFESIONAL (BERBAHASA JAWA)

MAKALAH

DWIJA PROFESIONAL



Tugas Mata Kuliah Strategi pembelajaran

Dosen Ampu : Ahmad Iskak

Dening :
Nama : Zakiyah Laily
NPM : 10430068
Kelas : 2B
Progdi : PBSJ






FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA

IKIP PGRI SEMARANG

2011




ATUR CECALA


Puji syukur saha bekti sembah sumarah konjuk ing Allah, amargi kanthi rahmat lan kanugrahan saengga panyeratan makalah punika saged purna kanthi sae.

Makalah Dwija Profesional punika kula serat kanthi ancas kangge tugas mata kuliyah strategi pembelajaran lan kangge maringi pedhoman kangge para mahasiswa bakal dwija ingkang badhe nglampahi tugas ing piwucalan samangke.

Kula karep makalah punika saged anggadhahi faedah kangge pedhoman bakal dwija kaliyan para tiyang – tiyang pendidikan, lajeng kritik lan saran saking pamaos kula betahaken kangge nyaeaken makalah punika.






Semarang, April 2011




Panyerat












DAFTAR ISI


ATUR CECALA…………………………………………………………………………...i

DAFTAR ISI………………………………………………………………………...........ii

BAB I. PAWADANING ATUR……………………………………………………….......1.

A. Pawadaning Atur……………………………………………………………....1

B. Undhering Perkawis……………………………………………………….......1

C. Ancas Panyeratan………………………………………………………….......2

BAB II. DWIJA PROFESIONAL…………………………………………………...........3

A. Pangertosan Profesi……………………….………………...............................3

B. Hakekat Profesi Dwija………………………………………………..........…4

C. Syarat Dados Dwija ingkang Profesional………………………………......…5

D. Kompetensi Dwija ingkang Profesional……………………………….......…7

BAB III. METODE PENDIDIKAN………………………………………….............,…10

A. Pangertosan Metode Pendidikan…………………………………….......,.…10

B. Pertimbangan ing salebeting Milih Metode Pendidikan………............…,,,..10

C. Jinis –Jinising Metode Pendidikan………………………………,,,,,,,,,,,,.…11

BAB IV. MEDIA PENDIDIKAN……………………………………………………....16

A. Pangertosan Media Pendidikan…………………………………………..…16

B. Jinis – Jinis Media pendidikan……………………………………………...16

C. Peran Media ing Dalem Pendidikan…………………………………………18

BAB V. WASANA…………………………………………………………………...…22

A. Dudutan………………………………………………………………...……22

KAPUSTAKAN……………………………………………………………………………






BAB I

PAWADANING ATUR


1. Pawadaning Perkawis

       Sacara kuantitatif pendidikan ing Indonesia sampun majeng amargi wonten progam pemerataan pendidikan, utaminipun mawi IMPRESS SD ingkang dipunadegaken wekdal Orde Baru. Nanging, saking sacara kualitatif pendidikan ing Indonesia dereng kaasil ngadegaken karakter bangsa ingkang cerdas lan kreatif, punapa malih ingkang unggul. Kathahipun lulusan lembaga pendidikan formal, saking sekolah tingkat menengah utawi perguruan tinggi, dereng kedugi ngrembakaaken kreativitasipun. Kangge sarjana taksih kathah ingkang boten saged ngasta sacara aktif wonten ing sektor formal. Saengga Keahlian lan profesionalisasi namung katingal minangka simbol ingkang lulusanipun boten profesional.
       Minangka bakal guru, ingkang ing dalem basa Jawi guru dipuntepang ing sedinten – dinten minangka tiyang ingkang digugu lan ditiru, ingkang ateges tiyang ingkang anggadhahi karisma utawi wibawa saengga saged dipuntiru lan dipunteladhani. Pramila dwija utawi guru kedah anggadhahi sikap profesional supados pendidikan saged angsal asil ingkang maksimal, mliginipun kangge para lare - lare didikanipun. Dados dwija ugi kedah mangertos metode lan media ingkang mangkenipun dipunginaaken menawi wucal miturut kemampuan piyambakipun. Supados lare didik boten bosen ing dalem pasinaonan.

2. Undhering Perkawis
       Supados boten medal saking irah – irahan makalah, pramila panyerat watesi masalah – masalah ingkang badhe dipunjlentrehaken, inggih punika antawisipun :
a. Punapa ingkang dipunsebat dwija ingkang professional, hahekat profesi lan syarat dados dwija ingkang profesional?.
b. Punapa kemawon metode pendidikan punika?
c. Punapa kemawon media – media pendidikan punika?

3. Ancas Panyeratan
       Saking panyeratan makalah puniki anggadhahi ancas :
a. Kangge mangertosi punupa ingkang dipunsebat dwija profesional, lan syarat – yaratipun.
b. Supados mangertosi metode ingkang saged dipunginaaken ing dalem pasinaon.
c. Supados mangertosi media – media punapa kemawon ingkang wonten ing pasinaon.


BAB II

DWIJA PROFESIONAL


A. PANGERTOSAN PROFESI

       Tembung profesi asalipun saking basa Yunani “ pbropbaino “ ingkang ateges nyebataken sacara publik lan wonten ing basa Latin dipunsebat “ profession “ ingkang dipunginaaken kangge panunjuk pranyata publik ingkang dipundamel dening tiyang ingkang anggadhahi maksud alungguhi ing jabatan publik. Para politikus Romawi kedah anglampahi “ professio “ ing ngajeng publik ingkang maksudipun kangge netepaken menawi kandidat punika anggadhahi prasyarat ingkang dipunbetahaken kangge alungguhi jabatan publik.
       Sacara tradisional, profesi ngandhut teges prestise, kinurmatan, status social, lan otonomi langkung ageng ingkang dipunparingaken masyarakat kangge piyambakipun.
       Oxford Dictionary ngandharaken professional inggih punika tiyang ingkang anglampahi samukawis kanthi angsal epah, nanging ingkang sanes tanpi epah. Tegesipun profesionalisme inggih punika satunggaling terminology ingkang ngandharaken menawi saben pakaryan kedah dipunlampahi dening tiyang ingkang anggadhahi keahlian wonten ing bidangipun utawi profesinipun.Saben tiyang saged dados professional menawi piyambakipun anggadhahi kawruh lan kaprigilan karya wonten ing bidangipun.

Titikan- titikan profesi miturut Chandler :
1. Langkung ngutamiaken layanan sosial nglangkungi saking kautaman dhiri priyangga.
2. Masyarakat ngakeni menawi profesi punika gadhah status ingkang inggil.
3. Praktek profesi punika adhedhasar satunggaling kawruh ingkang mligi.
4. Profesi punika dipuntantang kangge anggadhahi kaaktifan intelektual.
5. Hak kangge anggadhahi standar kualifikasi profesional dipuntetepaken lan dipunjamin dening kelompok organisasi profesi.

Titikan – titikan profesi miturut More ( 1970 ) :
1. Tiyang profesioanal migunaaken wekdal kangge anglampahi pedamelanipun.
2. Piyambakipun terikat kaliyan timbalan gesang, lan wonten ing mriki piyambakipun anglampahaken pedamelanipun minangka saperangkat norma kapatuhan lan tingkah laku.
3. Piyambakipun anggota organisasi profesional ingkang formal.
4. Piyambakipun nguwaosi kawruh ingkang migunani lan kanthi adhedhasar gladhen spesialisasi utawi pendidikan ingkang sanget khusus.
5. Piyambakipun gegayut marang syarat – syarat kompetensi khusus.
6. Piyambakipun angsal otonomi adhedhasar spesialisasi teknis ingkang inggil sanget.

B. HAKEKAT PROFESI DWIJA
        Dwija punika salah satunggal profesi, ingkang ateges satunggaling jabatan ingkang betahaken keahlian khusus minangka dwija lan boten saged dipunlampahi kaliyan sembarang tiyang.
Kangge para dwija betahaken kawruh lan prinsip wonten ing piwucalan supados saged wucal sacara profesional, inggih punika :
1. Dwija kedah saged nggigah kawigatosan lare didik dhumateng materi piwucalan ingkang dipunparingaken sarta saged migunaaken media lan sumber piwucalan ingkang variasi.
2. Dwija kedah saged nggigah minat lare didik supados aktif wonten ing galih sarta madosi piyambak kawruh.
3. Dwija kedah damel urutan ( sequence ) ing dalem peparinagan piwucalan miturut yuswa lan tingkatan tugas para lare didik.
4. Dwija kedah nggayutaken piwucalan ingkang dipunparingaken kaliyan kawruh ingkang sampun para lare didik, supados lare didik gampil nampi piwucalan punika.
5. Mawi prinsip repetisi ing dalem proses piwucalan, dipunajeng – ajeng dwija saged jlentrehaken unit piwucalan sacara wantos - wantos saengga pamanggihan lare didik saged jlentreh.
6. Dwija wajib nggatosaken lan menggalih korelasi antawisipun piwucalan utawi praktik ing dalem gesang sedinten –dinten.
7. Dwija kedah tetep rumeksa konsentrasi sinau lare didik kanthi cara maringi kajembaran arupi pengalaman sacara langsung, neliti, lan saged mundhut kawruh ingkang dipunangsal piyambakipun.
8. Dwija kedah ngrembakaaken sikap lare didik ing dalem hubungan sosial, ing kelas utwai ing jawi kelas.
9. Dwija kedah nglebetaken bentenipun lare didik sacara individual supados saged mangertos pribadhinipun para lare didik.
       Wontening kemajengan teknologi informasi ingkang sampun majeng, dwija boten namung tumindak minangka panyaos informasi, nanging ugi kedah kedugi tumindak dados fasilisator, motivator, lan pembimbing ingkang maringi kajembaran dhumateng lare didik kangge madosi lan ngolah informasi piyambak. Bilih punika, dwija boten namung kawates kaliyan prinsip piwucalan ingkang sampun dipunandharaken ing nginggil punika.

C. SYARAT DADOS DWIJA INGKANG PROFESIONAL
       Miturut Prof. Dr. Zakiah Deradjat lan kanca – kanca (1992) nyebataken menawi dados dwija punika kedah anggadhahi syarat – syarat, kadosta :
1. Takwa dhumateng Allah swt. Minangka dwija ingkang dados teladhan kangge para siswa, mila dwija kedah takwa dhumateng Allah swt.
2. Anggadhahi ilmu. Dwija ingkang boten gadhah wawasan ingkang jembar mula ewed menawi interaksi kaliyan siswanipun, punapa malih kangge jaman semanten ugi kangge jaman selajengipun. Ing jaman sakniki para siswa sampun mikir bilih sumber kawruh kathah sanget, umpami saking TV, radio, internet, diskusi lan sapanunggalipun. Mila dwija kedah anggadhai kawruh ingkang jembar supados bpten dipuntilaraken kaliyan siswanipun.
3. Sehat jasmani. Dwija ingkang gerah ndadosaken mboten semangat menawi wucal. Tegesipun, jasmani ingkang sehat sanget biyantu lancaripun proses piwucalan, ndidik, lan maringi bimbingan marang para siswa.
4. solah bawanipun sae. Ancas pendidikan inggih punika andadosaken akhlak ingkang mulya marang dhiri priyangga lare didik lan puniki lamun saged dipunlampahi menawi dwija ugi anggadhahi akhlak mulya. Dwija ingkang boten gadhah akhlak ingkang mulya boten saged dipunpitados kangge dados dwija.
       Dwija profesional boten ngraos kesel lan boten anggadhahi sifat iri, munafik, remen damel gerah ing manah, males, nesu – nesu marang tiyang sanes punapa malih marang lare didik.
Selajengipun ngenani syarat standar ingkang dipunsyarataken dados dwija profesional inggih punika :
1. Tugas lan Tanggel Jawab Dwija
       Dwija minangka pedamelan profesi, sacara holistik inggih punika wonten ing tingkat paling inggil ing dalem sistem pendidikan nasional. Amargi dwija ing dalem anglampahi tugas profesionalipun anggadhahi otonomi ingkang kiyat.Tugas dwija punika kathah, wonten tugas dinas lan tugas profesi ing sekolah. Kadosta wucal lan bimbing para siswanipun, maringi beji asil pasinaon para lare didik, ngrumantosi administrasi pasinaonan ingkang dipunbetahaken lan kagiyatan sanes ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pasinaonan. Sanesipun dwija kedah tansah ngupados ningkataken lan ngrembakaaken ilmu ingkang dados bidhang studinipun supadoss boten katilaran jaman, utawi ing jawi dhinas ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tugas sosial sacara umum ing jawi sekolah.
       Lajeng dwija ingkang tanggel jawab inggih punika dwija ingkang sadhar kaliyan tugas ( ndidik ) lan purun anglampahi tugas punika kanthi sae supados ancas pendidikan punika saged kawujud, boten madosi alasan kangge mungkiri tugasipun ( utaminipun amargi alesan ekonomi utawi kirangipun prasaja).
2. Dwija Profesional Tansah Ningkataken Kualitasipun
       Supados dwija boten dipuntilar kaliyan para lare didik mila dwija kedah tepang lan nguwaosi sumber – sumber pasinaonan modern ingkang sakniki saya familiar lan sacara riel dipunfaedahaken kaliyan masyarakat ugi para siswa.
       Saenipun para lare didik miturut Anwar lan Sagala ( 2006 ) boten namung dipunwajibaken maos buku teks ing dalem satunggaling piwucalan mawon, amargi mawi cara mekaten dadosaken pemahaman dwija cekak ing dalem kajian gegayutan. Kelompok sinau utawi study group inggih punika cara ingkang cekap efektif kangge nguwaosi kawruh.
3. Standar Profesional Dwija ing Indonesia
       Standar professional dwija anggadhahi criteria ,minimal pendidikan sarjana utawi diploma sekawan sarta dipunjangkepi kaliyan sertifikat profesi. Ing Indonesia, asring kita pangggihi standar kangge para wiwitan utawi dwija enggal dereng saged dipunjangkepi. Nanging sasampunipun dwija punika aktif dados dwija, lajeng wonten usaha kangge njangkepi standar kasebut sacara sayekti kangge ningkataken kualitas dhiri, kadosta lajengaken studi utawi kagiyatan sanes ingkang saumpami.

D. KOMPETENSI DWIJA INGKANG PROFESIONAL
       Dwija profesional boten namung anggadhahi setunggal kompetensi kemawon inggih punika dwija profesional, ananging dwija profesional samesthine anggadhahi kompetensi sanes.
Kompetensi ingkang kedah dipunanggadhahi dwija kangge anglampahi tugasipun wonten 4 inggih punika :
1. Kompetensi Pedagogik
       Kompetensi pedagogik inggih punika kamampuan kangge ndidik. Kangge kedugi utawi kompeten ing dalem ndidik kedah nguwaosi ilmu ndidik ( pedagogik ).
       Sakderengipun UU 14/2005 lan PP/2005 dipunterbitaken, wonten sedasa kompetensi dasar dwija ingkang sampun dipunngrembakaaken mawi kurikulum Lembaga Pendidikan Tenaga Kependidikan ( LPTK ). Kaping sedasa kompetensi punika lajeng dipunjlentrehaken mawi pinten - pinten pengalaman sinau. Sedasa kamampuan dasar dwija punika :
1). Kedugi nguwaosi bahan piwucalan ingkang dipunladosaken..
2). Kedugi nglola kelas.
3). Kedugi migunaaken media/sumber pasinanaon.
4). Kedugi nguwaosi landasan – landasan pendidikan.
5). Kedugi nglola interaksi pasinaon.
6). Kedugi ngaosi prestasi para lare didik kangge pendidikan piwucalan.
7). Kedugi tepang kaliyan fungsi lan program layanan bimbingan lan penyuluhan.
8). Kedugi tepang lan ngawontenaken administrasi sekolah.
10. Kedugi mahami prinsip – prinsip lan nafsiraken asil – asil panaliten pendidikan kangge mbetahaken piwucalan.

2. Kompetensi Kepribadian
Dipuntingali saking aspek psikolgi kompetensi kepribadian dwija:
1). Mantep lan stabil inggih punika anggadhahi konsistensi ing dalem tumindak miturut norma hokum, norma sosial, lan etika ingkang wonten.
2). Dewasa ingkang ateges anggadhahi kemandirian kangge tumindak minangka pendidik lan anggadhahi etos ngasta minangka dwija.
3). Arif lan wicaksana inggih punika pasrawungane anggadhahi faedah kangge para lare didik, sekolah, lan masyarakat.
4). Wibawa, inggih punika solah bawanipun saged maringi hal ingkang positif kangge para lare didik.
5). Anggadhahi akhlak mulya lan solah bawa ingkang saged dipuntiru kaliyan lare didik, tumindak miturut norma religius, jujur, ikhlas, lan remen maringi tetulungan.

3. Kompetensi Profesional
       Kompetensi profesional ugi dipunsebat kompetensi akademik inggih punika kedugi kangge nguwaosi materi utawi bahan wucal, ilmu, kawruh ingkang gegayutan kaliyan bidang kajian sarta kedugi kangge wucalaken.
Supados saged wucal ingkang sae, mila betah sanget nguwaosi ilmu, cara wucal ( metodhik ), inggih punika pripun wucal materi supados gampil dipunpahami lan ngremenaken lare didik kangge pasinaon, ingkang dipuntepangaken mawi istilah PAKEM ( Pembelajaran Aktif Kreatif Efektif Menyenangkan ) utawi PAIKEM ( Pembelajara Aktif Inovatif Kreatif Efektif Menyenangkan ).

4. Kompetensi Sosial
       Minangka pribadi ingkang dewasa, susila, lan sosial, anggadhahi kematangan sosial ingkang ajeg/stabil, mangertosi situasi lan kondisi masyrakatipun, kedugi ngasta sesarengan kaliyan tiyang sanes, kaliyan pimpinan, kepala sekolah, kepala dinas lan sanes – sanesipun. Lan kaliyan sesami/ingkang setunggal derajad ( kanca pendidik/dwija, tiyang sepuh lare didik, sarta lare didik.



BAB III

METODE PENDIDIKAN


A. PANGERTOOSAN METODE PENDIDIKAN
       Metode ugi dipunsebat “ cara “, saengga ingkang dipumaksud metode inggih punika cara ingkang dipunginaakaen kangge nglimpementasiaken rencana ingkang sampun dipunsusun ing dalem kagiyatan nyata supados ancas ingkang sampun dipunsusun kawujud sacara optimal. Dados metode pendidikan inggih punika cara – cara ingkang dipunginaaken ing dalem kagiyatan pendidikan.
       Ing dalem hal puniki, boten wonten metode ingkang paling sae lan paling leres kangge sedaya proses pasinaon, ateges saben metode anggadhahi titikan piyambak – piyambak, asifat spesifik, khusus. Lan kaasil utawi boten implementasi strategi pasinaon punika gumantung kaliyan dwija ingkang migunaaken metode pasinaon kasebut.


B. PERTIMBANGAN ING SALEBETING MILIH METODE PENDIDIKAN
       Kawujudipun ancas pendidikan dipuntemtuaken saking pinten – pinten faktor. Mila faktor – faktor kasebut puniki ingkang dados pertimbangan ing dalem milih metode pendidikan :
a. Ancas ingkang sampun dipuntetepaken
        Ancas pendidikan ndherek nemtuakeen metode ingkang dipunginaaken. Ancas pendidikan ingkang benten mila metode ingkang dipunginaaken ugi benten. Umpami kangge jlentrehaken fakta – fakta utawi informasi langkung sae migunaaken metode ceramah, lajeng kangge pemecahan masalah langkung sae migunaaken metode diskusi.
b. Lingkungan, swasana, lan fasilitas pendidikan
       Milih metode pendidian ugi kedah manut kaliyan lingkungan ing pundi kagiyatan pasinaonan punika kadadean. Lingkungan limrahipun wonten gegayutane kaliyan swasana lan fasilitas ingkang wonten, saengga cara anglampahi pendidikanipun ugi benten – benten. Umpami kangge wucal lare – lare dhusun dipunbetahaken metode ingkang benten kaliyan lare – lare kota , kangge nelayan, tani, buruh lan salajengipun. 
c. Sistem lan kurikulum pendidikan
       Ing Indonesia nate anglampahi pinten – pinten jinis kurikulum. Saking system lan kurikulum punika andadosaken model, pendekatan, lan metode pendidikan ingkang benten.khusus ingkang gegayutan kaliyan wekdal ingkang dipuncaosaken ing kurikulum, wekdal ingkang sanes ugi migunaaken wekdal ingkang sanes. Umpami metodi diskusi, peparingan tugas, betahaken wekdal dangu, lajeng metode ceramah boten sae bilih wekdaipun dangu. Kangge wekdal enjing - enjing ceramah limrah taksih efektif, nanging menawi siyang ceramah migunaaken humor – humor tartamtu.
d.Kabetahanipun lare didik
       Kabetahan lare didik saged dipunateges minangka tingkat “ perkembangan “ lare didik, kemampuan lare didik, situasi, lan kondisi lare didik. Umpami kangge Taman kanak – Kanak ngginaaken metode cariyos, nembang, lan dolanan. Kangge lare SMA lan Perguruan Tinggi ngginaaken metode diskusi, studi bebas.
e. Kemampuan pendidik
       Metode ingkang sasaene punapa kemawon, tanpi kamampuan pendidik kangge ngawontenaken, mefasilitasi, lan lan anglampahi boten saged dados ingkang faedah. Umpami Metode ceramah nuntut dwija supados wicara. nyusun retorika, ngatur irama lan sanesipun.


C. JINIS – JINIS METODE PENDIDIKAN
       Metode – metode ingkang saged dipungunaaken kangge piwucalan :
1. Ceramah
Metode ceramah inggih punika cara nyaosaken piwucalan mawi pitutur sacara lisan utawi jlentrehaken langsung dhateng para siswa. 
Kalangkungan metode ceramah :
a. Metode ingkang mirah lan gampil dipunlampahi.
b. Ceramah saged nyaosaken materi piwucalan ingkang jembar.
c. Ceramah saged maringi pokok - pokok materi ingkang betah dipunsinauni.
d. Mawi ceramah, dwija saged ngontrol keadaan kelas amargi dwija siruasi keas dados tanggel jawab dwija minangka penceramah.
e. Organisasi kelas mawi ceramah saged dipunatur dados langkung sederhana.
Kekirangan metode ceramah :
a. Materi ingkang ingkag saged dipunkwasai siswa minangka asil ceramah naming kawates kaliyan materi ingkang dipunkwasai dwija.
b. Ceramah ingkang boten migunaaken paragaan saged andadosaken verbalisme, inggih punika “ penyakit “ ingkang dipunsebabaken saking proses ceramah.
c. Saged nyebabaken situasi ingkang bosenaken menawi dwija kirang anggadhahi kemampuan wicara ingkang sae.
d. Ewed kangge mangertosi punapa para siswa sampun mangertos marang ingkang sampun dipunjlentrehaken punapa dereng.

2. Metode demonstrasi
Metode demonstrasi inggih punika metode nyaosaken piwucalan kanthi maragaaken lan nunjuaken dhateng para siswa ngenani proses, situasi utawi barang tartamtu, punapa menika seleresipun utawi namung niru kemawon.
Kalangkungan metode demonstrasi :
a. Boten kedadean verbalisme.
b. Proses psinaon langkung ngremenaken, amargi siswa boten naming mirengaken nanging ugi saged ningali prastawa ingkang kadadean.
c. Mawi cara ngemati/ningali sacara langsung, siswa anggadhahi kesempatan kangge bandingaken antawisipun teori lan pranyata.
Kekirangan metode demonstrasi :
a. betahaken persiapan ingkang langkung mateng.
b. Langkung awis amargi betahaken pirantos, bahan – bahan, lan panggenan ingkang sae.
c. betahaken kamampuan lan kaprigilan dwija ingkang khusus, saengga dwija kedah ngasta sacara profesioanl.

3. Metode diskusi
Metode diskusi inggih punika metode pasinaon ingkang ngajengaken siswa marang satunggaling perkawis utawi masalah. Ancas metode puniki inggih punika mecahaken masalah, mangsuli pitakenan, nambah an mangertosi kawruh siswa, sarta kanggedamel keputusan ( Killen, 1998 ).
Kalangkungan metode diskusi :
a. Ngrangsang siswa suoados langkung kretif, mliginipin ing dalem maringi gagasan lan ide – ide.
b. Saged nglatih siswa kangge nemukaken dhiri “ bertukar pikiran “ ing dalem ngajengi masalah.
c. saged nglatih siswa supados saged medalaken pendapat utawi gagasan sacara verbal.
Kekirangan metode diskusi :
a. Asring kadadean pamicara ing dalem diskusi dipunkwasai kaliyan 2 utawi 3 siswa ingkang anggdhahi ktrampilan micara.
b. Limrahipun pembahasan ing dalem diskusi saged liwar saking topic diskusi, saengga dudutanipun dados kirang jelas.
c. Betahaken wekdal dangu.
d. Asring kadadean benten pendapat ingkang asifat emosional ingkang boten saged dipunkontrol.

4. Metode simulasi
Simulasi asalipun saking tembung simulate ingkang ateges ethok – ethok ( berpura – pura/berbuat seakan - akan ). Minangka metode wucal, simulasi saged dipunateges cara nyaosaken pengalaman sinau kanthi migunaaken situasi gethokan kangge mangertosi ngenani konsep, prinsip, utawi ketrampilan tartamtu.
Kalangkungan metode simulasi :
a. Saged dipundadosaken kangge sangu kangge siswa ig dalem ngajengi situasi ingkang seleresipun.
b. Saged ngrembakaaken kreativitas siswa.
c. Saged andadosaken siswa wanton lan pecaya diri.
d. Nambah kawruh, sikap, lan ketrampilan ingkang dipunbetahaken ing dalem ngajengi pinten – pinten situasi sosial ingkang problematis..
e. saged ningkataken gairah siswa ing dalem pasinaon.
Kekirangan metode simulasi :
a. Pengalaman ingkang dipunangsal saking simulasi boten tansah tepat lan sesuai kaliyan pranyata ing lapangan.
b. Pengelolaan ingkang kirang sae, asring simulasi dipundadosaken minangka hiburan, saengga ancas pasinaon ewed kawujud.
c. faktor psikologis kadosta raos lingsem lan wedos asring ngaruhi siswa ing dale\m anglampahi simulasi.

5. Latihan lan praktik
       Metode puniki kangge mitadosaken pasinaon khusus ingkang migunaaken kreativitas dwija kangge ningkataken kawigatosan para siswa ingkang ngremenaken.Minangka prosedur sinau, latihan asring dipunbentenaken saking praktik. Latihan wonten gegayutane kaliyan pangraosan ingkang lebet (fiksasi) ngenani asosiasi khusus kangge ngemutaken sacara otomatis lan praktik gegayutan kaliyan peningkatan. Umpami latihan ngucap, lan praktik nyerat.

6. Sinau bebas
       Sinau bebas inggih punika satunggaling strategi ingkang penting ing dalem pasinaon ingkang nganjuraken ngagem pinten – pinten lingkungan sinau. Sinau bebas saged dipunwujudaken mawi sinau ingkang dipunrencanaaken ingkang dipunlampahi kaliyan tiyang individu ing ngandhap pimpinan dwija – konselor, ingkang ngidentifikasi masalah, topik, utawi proyek.

7. Investigasi kelompok
        Ing dalem investigasi kelompok pelajar dipunbiyantu kangge garap pinten – pinten aspek saking kelompok utawi kelas kangge ningkataken kompetensi ing dalem kelompok lan kaprigilan riset. Investigesi kelompok bernilai sae kangge kelas sacara kesedayanan lan individu – individu.

8. Pendekatan laboratori
        Strategi pasinaonan maringi kesempatan kangge individu kangge manipulasi materi lan nyilidiki lingkungan ingkang badhe ningkataken kawruh lan kaprigilipun ing dalem kawasan isi ingkang khusus. Pendekatan laboratory dipundefinisiaken minangka prosedur pasinaonan kaliyan bab pundi sebab, akibat, hakikat, utawi gejala – gejala sosial, psikologi, utawi fisikal, dipuntamtuaken kaliyan pengalaman ing ngandhap kondisi ingkang terkontrol. Definisi ingkang saged dipunterapaken ing kawasan kurikulum ingkang boten sains.

9. Pusat pasinaon
       Ancas proses lan evaluasi pasinaonan ingkang kapusat saking tiyang ingkang sinau. Metode puniki ngakeni bentenipun ing antawasipun individu, ingkang sacara nyata sampun wonten awit jaman Yunani kuno kaliyan dwija kadosta Socrates lan Plato.

10. Modifikasi tingkah laku
       Ingkang dipunmaksud kaliyan metode tingkang aku inggih punika satunggaling pendekatan kangge ngewahi tingkah laku para pelajar ingkang badhe biyantu piyambakipun dados individu ingkang langkung produktif lan terarah.


BAB IV

MEDIA PENDIDIKAN


A. PANGERTOSAN MEDIA PENDIDIKAN
       Media asalipun saking basa Latin ingkang ateges antawis. Makna kasebut saged dipuntegesi minangka pirantos komunikasi ingkang dipunginaaken kangge bekta satunggaling informasi saking satunggaling sumber kangge panarima. Miturut Association of Education and Communication Technology ( AECT ), media inggih punika sadaya bentuk lan saluran ingkang dipunginaaken kangge maringi pesen utawi informasi. Menawi dipungayutaken kaliyan kagiyatan pasinaon mila media saged dipuntegesi minangka pirantos komunikasi ingkang dipunginaaken ing dalem proses pasinaon kangge bekta informasi saking pendidik marang lare didik ( Heinich, et al., 1996 ). Miturut Briggs ( 1970 ), media inggih punika sadaya bentuk fisik ingkang saged maringi pesan saha ngrangsang lare didik kangge sinau.
       Saking pinten – pinten pangertosan media ing inggil, saged dipundudutaken menawi pangertosan media ing dalem pasinaonan inggih punika sadaya bentuk pirantos komunikasi ingkang saged dipunginaaken kange maringi informasi saking sumber marang lare didik ingkang anggadhahi ancas ngrangsang lare didik kangge ndherek kagiyatan pasinaon.


B. JINIS – JINIS MEDIA PENDIDIKAN
       Klasifikasi media miturut Heinich dkk ( 1996 ) kanthi adhedasar bentuk fisikipun :
1. Media ingkang boten dipun proyeksiaken
       Media puniki asring dipunsebat minangka media pameran utawi displayed media. Jinis media ingkang kagolong media ingkang boten saged dipunproyeksiaken, inggih punika :
a. Realita
b. Model
c. Bahan grafis ( graphical material )
d. Display

2. Media ingkang dipunproyeksiaken
Media puniki dipunpryoseksiaken marang layar kaliyan ngiginaaken pirantos khusus ingkang dipunasmani proyektor ( overhead projector, slide projector,lan opaque projector ). Media ingkang kagolong media ingkang dipunproyeksiaken antawisipun :
a. OHT ( Overhead transparancy )
b. Slide
c. Opaque

3. Media audio
Media audio arupi media ingkang fleksibel, mirah, praktis lan ringkes, saha gampil dipunbekta. Media puniki saged dipunginaaken, sae kangge kebetahan sinau kelompok utawi sinau individual. Ingkang kagolong media audio :
a. Audio kaset
b. Audio Vission
c. Active audio vision

4. Media video
Minangka media audiovisual kanthi anggadhahi unsure gerak lan swanten, video saged dipunginaaken dados pirantos kangge biyantu pasinaon.

5. Media berbasis computer
a. Computer Assisted Instructioun ( CIA )
b. Computer Managed Instruction ( CMI )

6. Multimedia kit
       Multimedia kit saged dipunateges minangka paket bahan wucal ingkang kasusun saking pinten – pinten jinis media ingkang dipunginaaken kangge jlentrehaken satunggaling topik/materi tartamtu, ingkang dipunjangkepi kaliyan study guide, lembar kerja, lan modul. Tuladha multimedia kit inggih punika pirantos praktikum.


C. PERAN MEDIA ING DALEM PENDIDIKAN
       Ing dalem proses pasinaon media anggdhahi kontribusi ing dalem ingkataken mutu lan kwalitas piwucalan. Wontenipun media boten among biyantu pendidik ing dalem maringi materi wucalan, nanging maringi nilai langkung marang kagiyatan pasinaon. Kemp, dkk. ( 1985 ) jlentrehaken kontribusi media ing dalem kagiyatan pasinaon antawisipun :
1. Nyaosaken materi wucal andadosaken langkung standar.
2. Kagiyatan pasinaon andadosaken langkung ngremenaken.
3. Kagiyatan sinau saged andadosaken langkung interaktif.
4. Wekdal ingkang dipunbetahaken kangge pasinaon saged dipunkirangi.
5. Kuwalitas sinau saged dipunsaeaken.
6. Pasinaon saged dipucaosaken ing pundi lan kapan kemawon miturut kaliyan ingkang dipunpenginaken.
7. Ningkataken sifat positif lare didik lan proses sinau dados langkung kiyat/sae.
8. Peparingan nilai positif kangge pendidik.
Jlentrehan ngenani peran media ing dalem pasinaon miturut kemampuan maringi wawasan ingkang kathah ngenani pemanfaatan ing dalem pasinaon.


BAB V
WASANA

Dudutan

Saking ingkang sampun dipunjlentrehaken ing inggil saged dipunpundhut dudutan inggih punika menawi dados dwija professional kedah taat marang Allah swt, jembar kawruhe, solah bawanipun sae. Sanesipun punika dwija ugi saged migunaaken metode pasinaon miturut kemampuanipun piyambak lan ugi saged manfaataken media miturut fasilitas ingkang wonten supados para lare didik boten bosen ing dalem pasinaon saengga ancas pendidikan saged kawujud kanthi sae.



KAPUSTAKAN

B, Uno Hamzah. 2010. Profesi Kependidikan Problema Solusi dan Reformasi Pendidikan. Jakarta : Bumi Aksara
Djamarah, Syaiful Bahri. 2005. Guru dan Anak Didik Dalam Interaksi Edukatif Suatu Pendekatan Teoritis Psikologis. Jakarta : Rineka Cipta
Sagala, Syaiful. 2009. Kemampuan Profesional Guru & Tenaga Kependidikan. Bandung : Alfabeta
Sanjaya, Wina. 2009. Strategi Pembelajaran Berorientasi standar Proses pendidikan. Jakarta : Kencana
Soetjipto & Raflis, Kosasi. 2007 . profesi keguruan. Jakarta : Rineka Cipta
Sudharta.dkk. 2009. Pengantar Ilmu pendidikan. Semarang : FIP IKIP PGRI SEMARANG

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>