mBANYU MILI (ANTOLOGI GEGURITAN)


Catatan: Kalau mau copy paste mohon sertakan link ini sebagai referensinya ya kawan, terima kasih.... :)
ATUR CECALA Nulis geguritan wiwitane miturut aku iku angel. Amarga tetembungan basa Jawa kang pancen maneka warna lan tembung kiasan kang kanggo aku luwih angel tinimbang Basa Indonesia. Nanging amarga aku iki wong Jawa, lan calon guru Basa Jawa, mula kudu bisa nyengkuyung ngrembakakake karya sastra Jawa, salah sijine ya geguritan iki.
Tujuan mligi saka panulisan buku iki yaiku kanggo melu nyambung umure sastra Jawa kang wis saya musna.
Ing wusana, akeh kurange saka tulisan geguritan iki, mula aku nyuwun panyaruwe saka kanca – kanca lan para pamaos.
Nuwun.


ATUR PANUWUN

Akeh banget kulawarga lan para kanca kang tak repoti kanggo mujudake buku iki. Mula aku ngucap maturnuwun kang saakeh – akehe kanggo :
1. Allah SWT amarga awit ridhanipun aku bisa ngrampungi nulis Antologi geguritan iki.
2. Bapak, Ibu, Adhi, lan kulawarga aku kang wis nyengkuyung marang karyaku lan kang tansah dedonga awit suksesku iki.
4. Kanggo Kang Mas sutresna kang paring motivasi – motivasi, antusias, lan inspirasi kanggo nulis geguritan iki.


DHAPTAR ISI

i. ATUR CECALA
ii. ATUR PANUWUN
iii. DHAPTAR ISI
1. AKU IKI
2. ILANGE SUMBER OKSIGEN
3. PANGAREPKU
4. RASAKU
5. JAWA TENGAH
6. TELULAS OKTOBER
7. ABANG PUTIH GENDERAKU
8. ADHUH
9. PAHLAWAN KAMARDIKAN
10. LARA ATI
11. KANGEN
12. SWARA ADZAN
13. KEMBANG WENGI
14. AMUKING BANYU KALI
15. BELASUNGKAWA
16. TEMBUNG DHUWIT
17. GAMBARING ALAM
18. SAPA PILIHANMU
19. IBU KINASIH
20. IBU
21. ANGEN – ANGEN
22. WIWITING DONGA
23. PUNKASANING DONGA
24. IMAN ISLAM IHSAN
25. PAKU KEPATEN
26. AMARGA TRESNA
27. BONEKA BRUWANG
28. MAPAG TAUN ANYAR
29. NGANGSU KAWRUH
30. SESAMBAT
31. BAKAL BOJO
32. LEMUD
33. PAK TANI
34. URIP SANDHIWARA
35. WUYUNG
36. ADOH
37. TRESNA
38. SAMUBARANG KANG ENDAH
39. ANGIN WENGI
40. PANGARSA DALEM
41. AMBEGING NAPAS
42. OH YAYI
43. MANSA SANGAREPE
44. ANGIN
45. TAN PANTES KANGGOMU
46. KEKANCAN
47. NANGING SAIKI
48. WAYAH SORE
49. MUJA MARANG GUSTI
50. DWIJA
BIOGRAFI PENGARANG




AKU IKI

Sapa aku iki
Namung manungsa
Kang akeh lupute akeh kurange
Aku pancen ora duwe iki ora duwe iki
Nanging aku duwe
Duwe rasa tresna marang sapadha.





ILANGE SUMBER OKSIGEN

Wit – witan ing ngendi ya
Pabrik lan gedhung – gedhung pating jejer
Asap ngebul saka kendharaan
Napasku sesek
Rasane panas tekan balung – balung.
Ing ngendi saiki sumber oksigen
Ilang dadi pabrik lan gedhung – gedhung ?
Panas…panas…






PANGAREPKU

Budaya jawa sansaya peteng
Ora ketara rupane kang yektine lir wernane.
nyimpen greget ing nala
ngemu kekarep kang gedhe
yen aku dadi guru
aku milih basa jawa
tumut ngleluri budaya jawa
supaya bisa terang ,
nyawiji marang masarakate kang saya ngrembaka.





Bausastra alit
Yekti : bener, temen
Lir : kaya
Nala : ati



RASAKU

Dak tibakake awakku ing papan putih
Ngrasakake geni ngobong atiku
Dak siram banyu mripat
Kanggo gadhemake panase
Aku pancen ora mulat, nanging aku krungu
Celathumu sing manis, esem guyumu
Kok adhepake kanggo kenya liya
Kowe anggep aku iki apa?





JAWA TENGAH

Jawa mapan ing tengah
Ya Jawa Tengah
Punjering budaya tlatah Jawa.
Ana Borobudur
Ana prambanan
Ana wayang
Ana gamelan
Ana bathik
Ana – ana wae karyamu.
Asiling cipta rasa lan karsa
Saka masarakate
Dening masarakate
Tumrap masarakate.
Adiluhung masarakate
Adiluhung budayane.






TELULAS OKTOBER

Lungguh sesandhingan ing ruwang tamu.
Tanganmu nyepeng tanganku
Netramu tansah mandhengi aku
Tanpa kumedhep sadhetik wae

Tembung baka tembung metu saka lathimu
Dhek aku tresna sliramu
Kejot ing driya keprungu tembung iku
Jantung ora wis wis anggone obah
Saya suwe saya banter lan banter
Meja kursi, dadi seksi tresna kita
Tanpa wigah – wigih
Dak tampa tresnamu


Tanggal 13 Oktober 2009
Kaiket raket tresnamu marang tresnaku
Kanggo saiki lan saklawase






ABANG PUTIH GENDERAKU

Selembar kain kang wigati anane
Abangmu lambing kawanenan
Putihmu lambing kasucen
Dikibarake kanthi kidmat
Para manungsa ndulu
Kanthi ngangkat tangan
Sasmita kinurmatan.
Kairing tembang Indonesia Raya
Nuwuhaken rasaning nasionalisme
Dening para warga Indonesia
Abang putih genderaku
Tetep jaya ing akasa biru




Bausastra Alit
Ndulu : ndeleng
Sasmita : tandha
Akasa : langit



ADHUH

Celatune kebak janji kang pinesthi
Sandhange jas lan dhasi
Bareng lungguh ing kursi
Janji – janji mung tinggal janji
Ngatur dhuwit kanthi nyalawadi
Ora eling rakyat ing ngisor
Mung mikir kasenengan dhiri
Rakyat sangsaya sengsara
Tetep wae ora pedhuli.


Bareng kabikan, ngadhep ing meja ijo
Sewu alesan dikeketokake
Mbantah yen awake ora luput.

Kasunyatan wis ketara kabeh
Wong anggo jas lan dhasi dilebokake ing sel
Yen ana sing metu saka prakawis mau, iku lumrah.

Dhuh, dhuh hukum iki kok mung sandhiwara
Namung aturan kang ora cetha.





PAHLAWAN KAMARDIKAN

Gegamane prasaja
Mung pring lancip kang ora ana rega
Tumemplek ana gegemanmu.
Karo tandhingan kang sekti lan sugih gegaman
Sira tan cupet ati.
Ora wedi sirna atma.

Mardika ! mardika mardika
Semangat lelabuhan mbakar sajroning driya.
Nrajang mungsuh – mungsuh ing sangarepmu.
Sanajan ludira nelesi sarira
Sira lila bela praja.
Ngrebut mardikaning Indonesia sutresna.



Bausastra alit
Gegaman : senjata
Tan : ora
Cupet ati : wedi
Sirna : ilang
Atma : nyawa



LARA ATI
Pasuryanmu bagus ngalahi Arjuna
Agawe para wanita
Tumungkul ing sangarepmu.
Tetembunganmu becik
Agawe para wanita lumpuh ati.
Nalika sliramu nyedhaki
Krasa wewangian sumebar
ing batin lan pikiranku.
Saya cedhak wewangian iku
krasa saya jero
Ngowahi batinku kang sedhih
Buang pikiranku kang budreg.
Salawase laku baka laku
Sliramu lunga tanpa pamit
Ninggalake ati kang sejatine
Namung kanggomu.
Celathumu palsu
Tresnamu semu
Saya suwe nyedhaki kasunyatan
Dhuh Gusti
Atiku dikebaki tatu
Lara atiku iki Gusti





KANGEN

Wulan padhang njingglang
Akasa gumebyar kahias kartika
Ing kasepen iki
Kagambar esemu kang manis
Lakumu kang prayoga
Aku tansah kelingan.
Sanajan raga kapisah
Marang sawijining poto dadi jampi
Kang sajake kangen kangen lan kangen
Swara tangising atiku ing wengi iki.




Bausastra alit
Akasa : langit
Kartika : lintang
Prayogi : apik, pantes



SWARA ADZAN

Swara adzan kumandang ing saben daleme Gusti
Ibatar kidung, dilagokake kanthi titi laras
Kapiyarsa sahut – sahutan ning endah
Isi wewirid isi pangajak
Nggugah tyasing para pamireng
Pratandha manjing nindakake cagaking agama.






KEMBANG WENGI

Duk wengi kembange mencungul
Rupane endha ngundang nepsu
Kembange jumejer ing pinggiring marga
Nyebar wewangi kanthi lambeyan hasta
Mandhegi priya ing sangarepe.
Apa kanggo pangudi golek rupiyah
Apa kanggo puasing batin
Lila nawakake sarira
Kembange wis alum rontog sanalika
Putihmu wis kena noda
Amarga lakumu.




Bausastra Alit
Duk : nalika
Endha : sae, asri
Marga : dalan
Hasta : tangan
Pangudi : rekadaya, usaha
Sarira : badan



AMUKING BANYU KALI

Beninge dicemari dening
Manungsa tan tanggung jawab
Diuntali barang – barang tan migunani
Saiki awakmu wis ora kuwawa
Ngrasa ora diajeni, ngrasa dilalekake. 

Sanalika awakmu nesu
Nyuntakake kang ana ing saisimu
Nrajang papan – papan ing sakupengmu
Omah – omah, sawah – sawah, ratan
Rata dadi banyu.

Gusti, iku weweling – Mu
Supaya manungsa
Bali marang solah bawa
Kang apik lan tanggung jawab marang alame.






BELASUNGKAWA

Kanca, netramu wis katutup
Talingan wis ora krungu
Swaraning liyan.
Lan tutuk kekunci rapet
mendel tanpa tetembungan.

Ragane dirias
Ragane disebari wewangi
Agemane kain werna lambang kasucen.
Papan kang kahias rerangkening kembang setaman.

Ana tandhu kowe digawa
Menyang papan kang tenang.
Papan kang sempit
Bantalan siti ditebengi lempeng – lempeng kayu.

Sadawane nendramu,
Kaluwarga lan kanca ngetokake luh sungkawa.

Kanca, ing sadawane nendramu
Mugi Gusti tansah ing sisihmu.
Ngancani ragamu,
Raga kang tanpa atma.




Bausastra alit
Nendra : turu
Luh : banyu mata
Sungkawa : susah




TEMBUNG DHUWIT

Coba rungokna tembung iki !
Dhuwit
dhuwit
Dhu wit
Dhu wit

Apa kang kokpikirke ?
Sekolah lan kuliah.
Apa kang kokbayangake ?
Umah gedhe, mobil, motor.
Apa kang koklakokake ?
Tuku ing ngana – ngene.

Oo la kok ngelu karo tembung dhuwit
Ngayal dhuwur ngalahi gubernur.






GAMBARING ALAM

Langit biru katutup awan putih
Mujudake bentuk abstraksi akasa
Sumoroting surya madhangi alam iki
Ilining banyu kali wutah
Ing ambaning samodra raya
Omah – omah ngebaki dharatan donya
Jumejere gegunungan dadi dhekore
Tetaneman ijo royo - royo kang loh jinawi
Kabeh iku asil ciptaning Gusti
Kang murbeng dumadi.







SAPA PILIHANMU

Indonesia sira duwe Soekarno
Kang ahli wicara
Indonesia sira duwe Soeharto
Kang langgeng kakuwasan
Indonesia sira duwe Habibie
Kang ahli teknologi
Indonesia sira duwe Gus Dur
Kang ngajeni pluralism
Indonesia sira duwe Megawati
Minangka bukti emansipasi
Indonesia sira duwe SBY
Kang mratandhani reformasi
Indonesia
Sapa pilihanmu sabacute







IBU KINASIH

Ibu, celukan kang nyengsemake
Ngilikake rasa welas asih saka Sang Kuwasa
Pangorbanan kanggo nglairake pangajap ing donya.
Ambaning rasa sabar nalika ngandhut
Lila lan legawa lair trusing batin nalika nyapih
Ibu wungu nalika ing wayah wengi.
Nanging ibu tetep mesem
Ngusapi sang putra kanthi asih
Tanpa sesuwunan,
Ibu nindakake kekarepaning Putra.


Ing astane, generasi – generasi kabentuk
dadi manungsa minulya.
Ibu ndhidhik kanthi paring
Ngelmu kang ora ana lorone.

Gusti, paringana berkah lan barokah dhateng Ibu
Paringana wilujeng donya lan akhirat.
Ibu, ridhamu dalaning kita tumuju suwarga.






IBU

Ibu kang mulya
Tanpa rasa iklasmu
Ngrumeksa jabang bayi
Kang sira kandhut sanga wulan suwene
Ora ana putra ing dirgantara iki
Lila lan sabarmu
Njagi putra kanthi diwasa
Gawe anak manungsa
Tuwuh gedhe lan waras
Ibu, bobotan sira ibarat prajurit
Kang perang ing dalaning Gusti.






ANGEN – ANGEN

Angin wengi nglewati ron – ronan
Lelagoning sumilir angin
Nuwuhake apa kang dadi pikiran
Ngelingake marang kahanan katresnan
Nalika sesandhingan
Ing ngisor akasa wengi
Lan rembulan gumuyu marang
Manungsa sakloron
Suka cita andhum tresna
Pralambang tresna suci
Lelaku manungsa sakloron kanggo setyane.
Patemon iku katerusan kelakon
Nganti tumeka anggone bayangan
Kang nyatane ora kelakon.







WIWITING DONGA

Dwija ingkang kinurmatan
Para kadang kinasih
Kanthi tyas kang tinarbuka
Kanthi pranawa
Manunggal tyas manunggal jiwa
Tumuju marang sang kuwasa dirgantara
Buka asta kekalih kita
Tumungkul nyuwun dedonga
Sesarengan muji dhumateng Gusti
Dedonga kawiwitan.




Bausastra
Pranawa : padhang pikire
Dirgantara : bumi



PUNGKASANING DONGA 

Dwija ingkang kinurmatan
Para kadang kinasih
Jangkah baka jangkah
Wis kalakoni kanthi tumata.
Sagunung ngelmu kasimpen
ing memori dhiri.
Mugi migunani kanggo kita lan sapadha.
Kanthi ngucap sukur dhumateng Gusti
Sesarengan kita waos hamdallah
Alhamdulillahi robbil’alamiin






IMAN ISLAM IHSAN

Ing wayah ratri
Maca Qur’an aja nganti lali
Anggo ageman kang prayoga kanthi sesuci
Nuli maca kanthi gemi setiti lan ngati – ati.

Ing wayah ratri
Salat sunah dilakoni
Lambang muslim muslimah sayekti
Agamaning dhiri diajeni
Mugi Gusti paring kawilujengan donya lan akhirat.

Iku kabeh pangajak – ajak marang manungsa
Hayo sapa kang nindakake
Salat sunah lan maca Qur’an
Allah paring wales marang manungsa
Neraka diadohake suwarga dicedhakake.





PAKU KEPATEN

Paku kepaten
Wujude cilik,nanging
Disenengi saweneh wongon
Nonton tipi maca Koran ngopi
Pas yen nggo ngeses
Ora awan ora wengi
Pas yen nggo ngeses.
Ing saburine wadah wis trawaca
Yen bias gawe pralaya
Ngandhut bahan sing bahaya.
Eh eh eh kok ya isih tetep ngeses
Apa tulisane kurang cetha
Apa pancen ethok – ethok bodho.
Akeh wong padha ilang nyawa
Saalah sawijine amarga
paku kepaten iki.
Oalah, paku kepaten gawe wong lali
Marang awake dhewe kang bakal dumadi.






AMARGA TRESNA

Tresna kuwi
gawe wong karungrungan
Sedhih amarga tresna
Wong bisa nangis
Bungah amarga tresna
Wong bisa gumuyu.
Kita bisa gumajeng, nangis, kuwatir, nesu.
Kabeh karana tresna
Bumbu-bumbu tresna komplet dadi siji.






BONEKA BRUWANG

Boneka bruwang warna jambon
Bukti rasa tresnamu marang aku
Saben wengi dadi kanca turu
Dak sikep dak sayang – sayang
Dak bayangake saupama iku sliramu
Tansah tak jaga boneka iki
Ora tak siya – siya
Nganti tekan patiku.







MAPAG TAUN ANYAR

Para wongan nyemut ing lapangan
Nunggu gantine taun anyar.
Jam mlaku saya nyedhaki angka rolas
Dumadakan,
byar – byar gumebyar swara kembang api
sumlorot nuju langit
diselingi swara trompet pating njlerit
nambahi ramene mapag taun anyar
sugeng rawuh taun 2013.






NGANGSU KAWRUH

Tumindak laku utama
Ngangsu kawruh saka dwija – dwija
Kanggo ndhedher kautaman.
Saka sunu kang asor budi
Dadi luhur budi
Saka sunu kang landhep dhengkul
Dadi landhep pikiran.
Kenceng tekade
Golek ilmu kanthi mempeng.







SESAMBAT

Miskin ing kana – kene
Pendhidhikan kurang rata
Ana sekolah ambruk dadi tontonan
Banjir mbludag mung dadi tontonan.
Wong nganggur ora kaetung cacahe.
Dadi dawa – dawa ula.

Ing ngendi tumindake pemerintah
Nggedhekake puluk
Mong adul umuk ing wiwitan
Mogel ilate
Ora bisa ngrasakake rakyat ing ngisore.






BAKAL BOJO

Jroning driya
Mungel tan sabar
Pengin enggal palakarma
Kalpika kencana ing driya manis iki
Pangiket kanggo salawase
Aku lan sliramu
Tansah tak tunggu
Wektu bebungah iku.






LEMUD

Nguing – nguing ing talingan
Antennae golek mangsa
Nunggu lenane manungsa
Nyedhot getih nyebar racun
Gawe pating jentol
Awake manungsa.

Aides Aigipty ndadekake demam berdarah
Anopeles ndadekake malaria.

Kabeh bisa gawe wong lara
Malah bisa dadi tumekane pati.






PAK TANI

Caping bunder tumemplek ing mustakane
Manggul pacul miangka gegamane
Nalika sang surya sithik – sithik
Jumedhul saka sisih wetan
Sira lekas ing sawah
Papan golek pakaryan
Ngopa boga nyambung panguripan. 

Jasane banget gedhene
Kanggo masa depan iki
Saka asil panenmu
Jalma ing praja iki
Bisa tetep tahan urip.
 





URIP SANDHIWARA

Sejatine ora ana kandha ana
Sejatine ana kandha ora ana
Wong agemane rapi
Jebul nyolong duweke liyan
Wong waras
Malah digawe lara
Banjur nadhahi duweke liyan.

Eee lha banjur kepriye
Katone wong becik jebul ala
Pas bejane becik
Malah dimisuh.

Pancen urip iki mung sandhiwara
Kasunyatan kang ora nyata.






WUYUNG

Priye kabare loka ing wayah iki
Apa isih kebak carita – carita katresnan.
Ing antara sayuta priya
Namung yayi siji
Kang dadi pepujaning driya
Tanpa bisa ninggalake.
Siyang ratri datan kuwawa
Nyirnakake wewayanganmu
Sajan tau natoni aku.
Siyang ratri aku mesem
Eling marang lakumu
Laku kang nyengsemake
Menawa iki kawastanan wuyung.




Bausastra Alit
Loka : jagad
Datan : ora
Ratri : bengi
Wuyung : kasmaran




ADOH

Aku ing kene sliramu ing kana
Ambaning samodra biru
Dadi pamisahing raga kita
Pengin welah nyusul sliramu
Nanging mesthi kerem
Lan sliramu dadi sungkawa.

Datan perlu walang ati
Amarga sliramu nyepeng janji
Kang disarujuki
Tresnaku.






TRESNA

Sanajan dudu madu
Tresna bisa nglegekake panguripan
Sanajan dudu cahya
Tresna bisa madhangi petenge swasana
Nanging tresna bisa gawe lara
Sanajan ora tatu
Tresna uga bisa pait
Sanajan dudu empedhu.







SAMUBARANG KANG ENDAH

Pangajapku
Sliramu lan aku bisa pangerten
Datan ana padudon
Saiki wis aku temokake
Wis entuk samubarang
Endah saka sliramu
Bisa paring tuluse ati
Marang sliramu yayi.







ANGIN WENGI

Sumilir angin wengi iki
Gawe dhiri tumuju lelamunan
Dhewekan iki gawe sepining wengi
Angen – angen bab kaendahan
Donya kang fana
Menawa kita tansah bebarengan salawase
Saya tak coba
Saya kegugah atine
Tresnaku naming kanggo sliramu
Tanpa ana tresna liyan.






PANGARSA DALEM

Priya kuwi pangarsaning dalem
Kudu tegas
Tansah ngrumeksa kaluwarga
Wibawane sumorot sajroning
Solah bawane
Kang dedeg lan prasaja.





AMBEGING NAPAS

Guntingan – guntingan iki mung sampah
Diuja wae muga dadi
Jampine ati kang nistha.
Rikala tresna nggugurake iman
Aku mung nggremeng
Aku iki ibarat dom lan bolah
Dom kang ora lancip
Bolah kang meprel
Ilmune ora sapiraa
Atine uga trenyuh.







OH YAYI

Yayi, sira manis tanpa gendis
Sira endah lan sampurna
Sira swargaku
Sira urip lan patiku.

Yayi, sira kangenku
Sira kinasihku
Sira tresnaku
Sira peranganing jiwa lan ragaku.







MANGSA SANGAREPE

Yoga kuwi ibarat jemparing
Wong tuwa minangka kang manah
Ndhidhik tumekane diwasa
Minangka wajibe
Wong tuwa kang dadi
pemanah mlerete jemparinge.





ANGIN

Tarkadhang ngadhemake
swasana kang ayem tentrem
sumilire ngadhemake ati
agawe pawongan mukti.
Nanging angin uga kang mbubrah
Isi pertiwi iki.







TAN PANTES KANGGOMU

Dina – dina kang sepi iki
Aku sesambat isi ati kang tanpa daya
Menawa bisa natoni ing tyas
Nanging kudu aku lakoni

Mbukak wadi jroning dhadha
Aku tan pantes dadi sisihanmu
Pangapuraku kang kinasih
Gedhe atiku tau ana ing jroning atimu
Bisa tresna marang sira
Sajanan ora kanggo salawase.






KEKANCAN

Kanca tuluse atimu ora kawates
Nalika bungah susah
Sira tansah ngancani ragaku
Genggem tanganku iki
Aja nganti diluwari
Kita tansah bebarengan
Berjuwang ing mandhala iki
Kanggo dumedege praja nuswantara.






NANGING SAIKI

Wewangunan endah kang kita adegkake
Kahias dening kencana ing kubahe
Menara kang nyolok langit
Lawange kaukir ayat – ayat Al – Qur’an
Sajrone kanggo sujud marang Gusti.

Nanging kabeh iku mung sasana
Kang gabug tanpa isi
Tan ana kang mbuka lawange
Saiki mung sasana
Tanpa panguripan.





WAYAH SORE

Bagaskara saya ilang saka telenging bumi
Nganti tekane maghrib nggugah kalbu
Ngusap pasuryan ngusap suku kanggo sesuci
Kanthi sarung kopyah
Kanthi mukena kang nutup aurat
Muslim muslimah nindakake prentah agama
Sembah sujud ing ngarsaning Gusti.

Sabanjure kabeh nyepeng kitab suci
Dilagokake kanthi ngati – ati.







MUJA MARANG GUSTI

Bissmillaahirrahmaanirrahiim
Bismillahi
Kalawan nyebut asmane Allah
Sifate Allah Arrahmaani
Dzat kang paring murah
ing dalem donya lan akhirat
Sifate Allah Arrahiimi
Dzat kang welas asih
Ing anane alam kabeh.

Alhamdulillahirabbil’alamiin
Alhamdu
Utawi sekabehane puji iku
Lillahi
Tetep kagungane Gusti Allah
Sifate Allah Rabbil’aalmiina
Dzat kang nyiptakake anane alam kabeh.







DWIJA

Tulusing manah ngabdi
marang pendhidhikan
Tanpa kawates papan lan wektu
Datan cupet ati
Datan Sumpeg ati
Nanging tetep jembar polatane.

Ilmu kang migunani
Dilimpahake marang kita
Sarwa rame ing pamrih
Tanpa sumelang ndhidhik kita
Dadi yoga kang mupangat
Kanggo bangsa lan praja.






BIOGRAFI PANGANGGIT


Zakiyah Laily (Zakiyah/Lely/Lalik/Lelik ) lair ing Batang, 24 Maret 1992, anak pambarep saka 2 bersaudara lan asli wong Jawa tulen. Sawise lulus saka SMA Negeri 1 Subah – Batang taun 2010, dheweke nerusake kuliyah ing IKIP PGRI Semarang ing Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (PBSD) .
Cita – citane kang utama yaiku dadi guru kang profesional kang ora namung migunanani kanggo awake dhewe, nanging uga migunani kanggo wong liya.

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>