TULADHA TINDAK TUTUR (Bagian 1)

TULADHA – TULADHA TINDAK TUTUR
Tindak tutur punika ngucapaken samukawis mengku teges tumindak (ngaribawani,mrentah) kajawi pancen ngujaraken tuturan punika. Miturut leech (1983) tindak tutur proyogi migatosaken prekawis,situasi tutur, pamicara lan rewang wicara, konteks lan kawontenan, ancas tindak tutur lan tuturan (verbal).

1. Tindak Tutur Konstantif
Konstatif inggih punika tuturan ingkang nelakaken samukawis ingkang leresipun saged dipunbuktekaken kanthi pangertosan donya/mutlak. 
Tuladha :
a. “ Bapak Bibit Waluyo iku gubernur Jawa Tengah .”
b. “ Candi Borobudur mapan ing kutha Magelang. ”
c. “ Indonesia mardhika ing tanggal 17 Agustus warsa 1945. ”
d. “ Presiden kaping telu Indonesia yaiku Bapak B.J Habibi. ”
e. “ Semarang ibukota Jawa Tengah. “

2.    Tindak Tutur Performatif
Performatif inggih punika tuturan ingkang mujudaken tindakan ingkang nindakaken samukawis kanthi damel tuturan punika. Tuturan ingkang dipunucapaken kanthi dipikir rumiyin
Tuladha :
a. “ Yen aku lulus ujian kowe tak traktir ing pizza hut. ”
b. “ Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan kawula. “
c. “ Yen kowe nyalon bupati, aku percaya kowe mesthi menang. “
d. “ Nyuwun pangapunten Pak kula randat, amargi kula tangine kasiyangan. “
e. “ Sesuk yen aku duwe dhuwit akeh, aku arep gawe omah tingkat 3. “ 

3. Tindak Tutur Lokusi
Lokusi inggih punika ngucapaken samukawis kanthi tembung lan ukara ingkang jumbuh kaliyan tegesipun. Napa ingkang dipunkajengaken punika napa anane.
Tuladha :
a. “ Langite kok mendhung ya ? “
b. “ Rotine enak banget. “
c. “ Mripatku keblerengan lampu. “
d. “ Wis rong minggu kamare ora disapu dadine reged. “
e. “ Pulsaku entek ora isa kanggo telpon. “ 

4. Tindak Tutur Ilokusi
Ilokusi inggih punika tindak tutur ingkang ngandhut maksud lan fungsi utawi daya tututran. Karepe jaluk nanging ngomonge ora jaluk.
Tuladha :
a. “ Aku ngelak ki. ”
b. “ Wah, motormu apik ya ? “
c. “ Ing kene rasane atis banget. “
d. “ Bapak arta kula sampun telas. “
e. “ Aquane wis entek, yen mangkat aja lali ing Indomaret ndhisik Nang. “

5. Tindak Tutur Perlokusi
Perlokusi inggih punika tindak tutur kangge ngaribawani mitra tutur. Wonten unsure ngojok-ngojoki utawi ngaribawani.
Tuladha : 
a. “ Kula betahaken supados piyambakipun kersa ngampili kula arta. “
b. “ Biji rapotmu apik banget. “
c. “ Wis telung minggu kamar iki ora diresiki. “
d. “ Kala wingi simbah nembe gerah. “
e. “ Kadospundi adhi sakit demam berdarah. “

6. Tindak Tutur Reepresentatif
Inggih punika tindak tutur ingkang mangsuli panutur, nedhahaken panutur ngucapaken ingkang leres.
Ingkang kagolong inggih punika ukara awujud mratelakaken,nuntut, ngakeni, nglaporaken, nedhahaken, nyebataken, nyukakaken, paseksen, nyobi-nyobi.
Tuladha :
1) Mratelakaken
    a. “ Sedhela maneh peleme mateng. “
    b. “ Omah iki lagi wae dadi. “
2) Nuntut
    a. “ Motore bakal tak jaluk yen ora dilunasi. “
    b. “ Warna tas iku aku jaluk sing biru. “
3) Ngakeni
    a. “ Aku sing durung bayar iuran kas. “
    b. “ Pancen ayu tenan bocah kae. “
4) Nglaporaken
    a. “ Ingkang sampun mlebet kelas tiyang 40. “
    b. “ Sepedha kulak ala wingi ical. “
5) Nedhahaken
     a.  “ Bocah kae sing tiba saka wit pelem. “
     b. “ Buku iku regane larang. “
6) Nyebataken
     a. “ Kembang mawar sing ditumbas ana warna abang, kuning, ungu, lan pink. “
     b. “ Susi, Lina, lan Feri kui anake Pak Karya. “
7) Paring kaseksen
     a. “ Kala wingi kula ngertos Pak Lik tindak peken. “
     b. “ Motor iki sing nyrempet adhiku. “

7. Tindak Tutur Direktif
Inggih punika tuturan ingkang nedhahaken tiyang sanes nindakaken tuturan.
Ingkang kagolong : meksa, ngajak, nyuwun, ngengken, nagih, Derek, ngrerepa, mroyogakaken, mrentah, ngabani, lan nentang.
Tuladha :
1) Perintah
    a. “ Bukana lawang kuwi ! “
    b. “ Tukokna es tebu, Rin ! “
2) Nyuwun
    a. “ Bu, paringi sangu nggih ! “
    b. “ Bapak, tumbaske bkso ngih ! “
3) Nagih
    a. “ Endi pesenanku wingi ! “
    b. “ Utangmu bayar ! “
4) Ndhesek
    a. “ Ayolah ndang cepet mulih ! “
    b. “ Ayo ndang mangkat kuliah selak udan ! “ 
5) Ngrayu
    a. “ Adhik pinter, ayo maem ndhisik yak ! “
    b. “ Dhik tulung tumbaske sabun mengko tak opahi ! “
6) Nantang
    a. “ Wani kowe karo aku ! “
    b. ” Nak wani ayo gelut karo aku ! “

8. Tindak Tutur Ekspresif
Inggih punka tindak tutur ingkang ngedahaken panutur mbiji dhateng punapa ingkang dipuntuturaken.
Ingkang kagolong : dialem, dipuji, atur panuwun, nggrsah, nglepataken, lan atur sugeng.
Tuladha :
1) Ngalembana
    a. “ Pinter banget tha dik kowe. “
   b. “ Ayu men ta kowe iku anake sapa. “
2) Atur panuwun
    a. “ Matur nuwun sampun diparingi sangu pak. “
    b. “ Sampeyan sampun dhateng wonten acaranipun kula ucapaken matur nuwun sanget. “
3) Nyaruwe
    a. “ Klambiku kok ora mecing karo jilbabku ya. “
    b. “ Motorku rupane elek banget toh. “
4) Nggresah
    a. “ Aku kesel plaku tekan kampus. “
    b. “ Maem nang warung kae kurang enak. “
5) Nglepataken
    a. “ Garapanmu iku piye carane kok salah kabeh. “
    b. “ Gara – gara kowe kancaku loro atine. “
6) Atur sugeng
    a. “ Atos- atos nggeh nak wonten perjalanan. “
    b. “ Mugi – mugi ing umurmu ingkang tambah tua dipringi sehat dening gusti. “


9. Tindak Tutur Komisif
Inggih punika tindak tutur ingkang jalari panuturipun nindakaken punapa ingkang kasebataken ing tuturan punika.
Ingkang kagolong : janji, prasapa, ngancam, nelakaken kasagahan, lan kaul.
Tuladha:
1) Janji
    a. “ Mangke dalu kula ngampiri panjenengan Mbak Yu.”
    b. “ Dina minggu iki aku lan kaluwarga arep plesiran ing Bali. “
2) Prasapa / sumpah
    a. “ Aku wani ngalahaken kepinteranmu iku. “
3) Ngancem
    a. “ Yen kowe bijine ujian apik, aku gelem dolan bareng kowe. “
    b. “ Yen aku ora entuk nyilih sepedhamu, aku ya ora bakal nyilihi motorku. “
4) Nelakaken kesaguhan
    a. “ Yen aku wis rampung kabeh mengko kowe tak rewangi garap tugase. “
    b. “ Aku saiki isa ngeter kowe ing pasar. “
5) Kaul / nadzar
    a. “ Sesuk aku arep pasa sunah. “
    b. “ Ngko bengi aku arep salat Tahajud. “


 Dening : Zakiyah Laily


Selanjutnya: TULADHA TINDAK TUTUR (Bagian 2)

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>