Lagu-Lagu Dolanan Anak Jawa Tengah

image source : sigitkataqita.wordpress.com


1. Cublak-cublak Suweng
Cublak-cublak suweng
Suwenge si gulender
Mambu katundhung gudel
Pak empong orong-orong
Sapa ngguyu ndelekake
Sir sir pok kedhele gosong
Sir-sir pok kedhele gosong

2. Tul Jaenak
Tul jaenak jaejatul jaidi
Kontul jare banyak ndoge bajul kari siji
Abang-abang gendera landa
Wetan sithik kuburan mayit
Klambi abang nggo tandha mata
Wedhak pupur nggo nggolek dhuwit

3. Mentog-mentog
Mentog-mentog tak kandhani
Mung rupamu angisin-ngisini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Mentog-mentog
mung lakumu megal-megol nggawe ngguyu

4. Sluku-sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathokke ela-elo
Si rama menyang sala
Leh-olehe payung mutha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip nggolekka dhuwit

5. Lir-ilir
Lir-ilir lir-ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna
Kanggo mbasuh dhodhot ira
Dhodhot ira dhodhot ira
Kumutir bedhahing pinggir
gondomono jumatono kanggo sepa mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya suraka surak hore

6. Jamuran
Jamuran ya gegetok
Jamur apa ya gegetok
Jamur gajih mbejeje
Sak oro oro
Sira mbadhe jamur apa

7. Kidang talun
Kidang talun mangan gedhang talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus pithi duwe anak siji
Cicit cuit cicit cuit
Maju perang wani mati
Kidang talun mangan gedhang talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Gajah belang saka tanah mlembang
Nuk legenuk nuk legenuk
Gedhene meh padha gunung
8. Pitik cilik
Aku duwe pitik cilik
wulune blirik
Cucuk kuning jengger abang
Tarung mesthi menang
Sapa wani karo aku
Mungsuh pitikku
Mungsuh pitikku
Aku duwe pitik tukung
Buntute buntung
Saben dina mangan jagung
Mesthi wani tarung
Sapa wani karo aku
Mungsuh pitikku
Mungsuh pitikku

9. Ya Pra kanca
Ya pra kanca dolanan ing jaba
Padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane ne wis awe-awe
Ngelengake aja turu sore-sore
Ya prakanca ya padha mrenea
Rame-rame ing kene suka-suka
Langite padhang sumebar lintang
Ya padha dolanan sinambi cangkriman

10. Kodhok Ngorek
Kodhok ngorek kodhok ngorek
Ngorek pinggir kali
Teot teblung teot teblung
Teot-teot teblung
Bocah bodho bocah bodho
Njaluk dijamoni
Jamu apa jamu apa
Jamu temulawak
Kodhok ngorek kodhok ngorek
Ngorek pinggir kali
Teot teblung teot teblung
Teot-teot teblung
Bocah pinter bocah pinter
Besok dadi dokter
Numpak montor numpak montor
Montor montor mabur

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>