CERITA PENGALAMAN PRIBADHI

CARITA PENGALAMAN PRIBADHI

“BUYUTKU”

       Wektu iku iseh liburan kuliah, tapi aku mangkat ing Semarang tanggal 16 Februari amarga meh njupuk KRS (Kartu Rencana Studi). Arep mangkat ki aku rasane rada-rada males, mbokmenawa ya amarga libur suwe, dadine piye ngono rasane nek meh mangkat ing Semarang. Aku mangkat di ter nganti Banyuputih banjur numpak bis gedhe.

       Lha tanggal 17 isukke aku mangkat ing kampus karo Dian lan Laila meh ing Humas dhaftar pasword sing anyar, amarga aku, Dian lan Laila lali pasword-e sing kanggo mbukak KHS (Kartu Hasil Studi). Aku mulih maring kos. Sore arep maghriban aku adus terus shalat maghrib. Amarga wengi kuwi pas malam jumat, banjur aku nderes Yasin nganti rampung. Bar kuwi kok HP-ku muni, pas tak angkat jebul Bu Dhe ku sing lagi nyambut damel ing Malaysia, Bu Dhe ngendhika karo aku nek buyut jare gerahe tambah parah, terus aku dikongkon maca Yasin kanggo Buyut. Pancen Buyutku ki wis gerah suwe banget, wis meh ana setahun. Nganti ora bisa mlampah, anane ya mung ing amben tok. Nek meh ngapa-ngapa ya putra-putrane sing ngurusi.

       Terus tanggal 18 isuk aku siap-siap meh ing kampus maning, meh njupuk KRS ing TU (Tata Usaha). Aku mangkat karo Kadwi lan Dwinta. Ing ngono akeh kanca-kanca sing meh padha njupuk KRS, nganti ruwang TU-ne sesek ubel-ubelan. Bar wis oleh KRS-e banjur aku mulih ing kos karo Fathu. Ing kos aku leyeh-leyeh karo turunan. Bar kuwi HP-ku muni.

“Assalamua’laikum”

“Wa’alaikum salam, wonten napa Buk?” Sing telpon ibune aku.

“Arep wangsul kapan Nok?, iki Buyut kak wis kayangene”, ngendhikane ibu karo nangis.

“Nok rencanane wangsul mangke bar dhuhuran”, wangsulane aku.

“Oh ya wis ya. Assalamu’alaikum”.

“Inggih Wa’alaikum salam”.

        Aku ya bingung, sebenere Buyut kenangapa, kok ibuku telpon karo muwun. Hla muwune ibu kuwi seng nggawe aku bingung. Tur ibu telpon aku ya ora cerita kedadeane sing sebenere kanthi gamblang.

      Banjur ngono aku ngeter Fathu ing warnet amarga Fathu meh mbukak KHS-e. Kamangka aku wis pengin arep bali umah, ning aku ngeter Fathu ndhisik amarga aku wis saguh arep ngeter dheweke. Bar ing warnet aku mulih ing kos maning, meh nata-nata tas siap-siap arep bali. Terus jam 11-an awan Bu Dhe ku sing nyambut damel ing Malaysia telpon aku maning. Bu Dhe ngendhika nek Buyut wis ora ana, Buyut Wis seda mau jam 10.15. Krungu Buyut wis seda aku metu kamar, banjur aku nangis. Terus aku cepet-cepet bali omah numpak bis. Ing perjalanan aku pingin enggal-enggal tekan omah, ben bisa weruh Buyutku sakdurunge dikubur. Tapi ndilalah bis sing tak tumpaki mlakune alon ora kaya biasane, cepet. Aku wis ora sabar, rasane mangkel. Nganti jam 2 awan aku tekan omah, kamngka aku durung shalat dhuhur, aku langsung nyelehke tas banjur mlayu ng daleme Buyut. Ing ngono akeh wong-wong sing padha takziyah. Suasanane iseh nyedhihake. Aku ora ngumani penguburane Buyut, amarga aku tekan omah malahan jare Buyut wis dikubur. Aku kuciwa ora bisa weruh terakhire Buyutku.

Banjur aku shalat dhuhur. Aku nyesel karo awakku dhewe. Sakdhurunge Buyut seda ibu tau ngendhika karo aku nek jare Buyut pingin weruh aku, amarga aku kan kuliah, jarang bali. Nek bali senajan dolan ing daleme Buyut nanging kadhang ora ndelok Buyut ing kamar. Pas aku ndelok Buyut, ndilalah Buyut malah lagi sare. Tapi pas tahlilah pitung dinanan aku ya Alhamdulilah mangkat terus kejawi pas sedina tok kae, aku ora melu amarga aku mangkat ing Semarang ana acara ing kampus.



Dening: Zakiyah Laily

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>